Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23 dari 40
81–82 dari 143
808–817 dari 1.427
| 23.12 | pan wontên caritanipun | duk alam Suleman Nabi | Ibrahim duk kapawaka | gêni tanna agêsêngi | Ibrahim lagya rinêsa[1] | dening kang aburbèng[2] jati || |
| 23.13 | Selarasa[3] wuwusipun | ingsun tuduhêna yayi | sakabèhe wuwusira | pun kakang kapingin uning | ingsun arêp cacak-cacak | durung wruh rasaning jurit || |
| 23.14 | sêsinau lampah kewuh | jajalên si kakang yayi | amrih si paman muliha | kang êmbok mantuk rumiyin | mangke ta dèn gêlas[4] kakang | kawula pêjah ing ngriki || |
| 23.15 | kawula ngêlakoni iku |[5] bêlokane [[f. 76r]] sri bupati | Selagănda sira ngucap | yèn mêngko andika iki | sampun luput juru basa | ombal-ambilaning ati || |
| 23.16 | Rumsari ing wuwusipun | ing rayi katiga sami | yayi sira dadi manah | ing rêrasaningsun uni | duk kala ana ing arga | nuli padha dadi ati || |
| 23.17 | nadyan ingsun mêngko lumuh | sayakti priyangga mami | yayi ing pangrasaningwang | barêng mati barêng urip | kang sun têdha ing Yang Sukma | muga rinaksa Yang Widi || |
| 23.18 | lami pagunêmanipun | Ki Lubama lawan siwi | tan wruh yèn katur sang nata | Selarasa lah yèn prapti | siwiira[6] Ki Lubama | ing dalu ana ngawruhi || |
| 23.19 | ki patih ingkang kautus | abêkta dêdamêl agêlis |[7] wus kinêpung anèng pasar | têmu gêlang dèn idêri | samya anitih turăngga | satus jarane bupati || |
| 23.20 | raina sampun kadulu | yèn gêgaman angidêri | Selarasa nulya ngucap | ing mêngko ta wusing takêdir |[8] lah iya ki badan uga | sukur ta baya sirèki || |
| 23.21 | kang raka [[f. 76v]: ra...ka] pan sampun gupuh | aninci[9] wastranirèki | marang ngarsa Selasyara | tur sarwi amuwus aris | lah yayi sira mundura | sira aja milu jurit || |
81–82 dari 143
| 1 | rinêksa. (kembali) |
| 2 | amurbèng. (kembali) |
| 3 | Selasyara. (kembali) |
| 4 | gêlis. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: kawula nglakoni iku. (kembali) |
| 6 | siwinira. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: abêkta dêdamêl aglis. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: ing mêngko ta wusing takdir. (kembali) |
| 9 | anincing. (kembali) |