Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 40
80–81 dari 143
799–808 dari 1.427
23.03 Lubama amuwus arum | adhuh anak ingsun gusti | ara ilok nangis sira | dadi apa sira gusti | yèn kawruhana ta sira | lagi dèn uruk sirèki ||
23.04 sang nata akon angruruh | sanggèning katêmu gusti | adhinira sakatiga | ara wurung dipatèni | ing bisuk sumadi sira | angur sira manglabuhi ||
23.05 lara wus katêmu ingsun | mara cêngkalakên maning | mara gusti talènana | maning si bapa tumuli | age lungaa ta sira | kaburu ana wong prapti ||
23.06 Ki Selarasa amuwus | paran siningkiran malih | yèn wis titahing Yang Manon |[1] ara kêna dèn singkiri | sumingkir mring pundi paman | kawula dêdimèn mangkin ||
23.07 agêntèni paman iku | paman dêdimèning mangke |[2] sanak kawula sêdaya | agêntèni paman sakit | angur mantuka ing wisma | sêdaya aja kari |[3]|
23.08 kula paman arsa kantun | anêmoni sri bupati | kawula arsa uninga | ing karsane sri bupati | Lubama asru digapar | sêbuting maring Yang Widi ||
23.09 Lubama asru amuwus | lagi apa sira [[f. 75v]] gusti | arêp labuh gêni sira | sakèh lara iku gusti | nadyan bêbalunga tosan | kulita têmbaga gusti ||
23.10 atota[4] kawate maskun | susuma gêgala gusti | manggah pira wong sanugal | amusuhi wong sakêthi | balane sri naranata | ora kêna dimusuhi ||
23.11 iku du cinêlathu |[5] balik lungaa dèn aglis | gusti bok kaburu awan | Selarasa anauri | kawula tan arsa kesah | sadya kawula ajurit ||
23.12 pan wontên caritanipun | duk alam Suleman Nabi | Ibrahim duk kapawaka | gêni tanna agêsêngi | Ibrahim lagya rinêsa[6] | dening kang aburbèng[7] jati ||
80–81 dari 143

 


Biasanya guru lagu a: yèn wis titahing Yang Suksma. (kembali)
Biasanya guru lagu i. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdaya aja na kari. (kembali)
otota. (kembali)
Kurang satu suku kata: iku kudu cinêlathu. (kembali)
rinêksa. (kembali)
amurbèng. (kembali)