Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 40
81–82 dari 143
803–812 dari 1.427
23.07 agêntèni paman iku | paman dêdimèning mangke |[1] sanak kawula sêdaya | agêntèni paman sakit | angur mantuka ing wisma | sêdaya aja kari |[2]|
23.08 kula paman arsa kantun | anêmoni sri bupati | kawula arsa uninga | ing karsane sri bupati | Lubama asru digapar | sêbuting maring Yang Widi ||
23.09 Lubama asru amuwus | lagi apa sira [[f. 75v]] gusti | arêp labuh gêni sira | sakèh lara iku gusti | nadyan bêbalunga tosan | kulita têmbaga gusti ||
23.10 atota[3] kawate maskun | susuma gêgala gusti | manggah pira wong sanugal | amusuhi wong sakêthi | balane sri naranata | ora kêna dimusuhi ||
23.11 iku du cinêlathu |[4] balik lungaa dèn aglis | gusti bok kaburu awan | Selarasa anauri | kawula tan arsa kesah | sadya kawula ajurit ||
23.12 pan wontên caritanipun | duk alam Suleman Nabi | Ibrahim duk kapawaka | gêni tanna agêsêngi | Ibrahim lagya rinêsa[5] | dening kang aburbèng[6] jati ||
23.13 Selarasa[7] wuwusipun | ingsun tuduhêna yayi | sakabèhe wuwusira | pun kakang kapingin uning | ingsun arêp cacak-cacak | durung wruh rasaning jurit ||
23.14 sêsinau lampah kewuh | jajalên si kakang yayi | amrih si paman muliha | kang êmbok mantuk rumiyin | mangke ta dèn gêlas[8] kakang | kawula pêjah ing ngriki ||
23.15 kawula ngêlakoni iku |[9] bêlokane [[f. 76r]] sri bupati | Selagănda sira ngucap | yèn mêngko andika iki | sampun luput juru basa | ombal-ambilaning ati ||
23.16 Rumsari ing wuwusipun | ing rayi katiga sami | yayi sira dadi manah | ing rêrasaningsun uni | duk kala ana ing arga | nuli padha dadi ati ||
81–82 dari 143

 


Biasanya guru lagu i. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdaya aja na kari. (kembali)
otota. (kembali)
Kurang satu suku kata: iku kudu cinêlathu. (kembali)
rinêksa. (kembali)
amurbèng. (kembali)
Selasyara. (kembali)
gêlis. (kembali)
Lebih satu suku kata: kawula nglakoni iku. (kembali)