Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 40
87–88 dari 143
866–875 dari 1.427
| 25.02 | sampun lama abêbana | dhatêng ing rama sang aji | kasmaran dhatêng supêna | milane sri narapati | pan sadya angulati | dhatêng jatukramanipun | kang bagus wicaksana | lawan ingkang têtêp ngèlmi | pan sang putri tan dhahar tan kêna nendra || |
| 25.03 | sêsampuning prapta ika | kang kèpi akèn ngabêkti | sang putri ataki lampah | manjing ing agama suci | pisah lan rama kalih | ing wisma panggenanipun | amung pêdhêkan têtiga |[1] sakatiga saking wukir | kang adarbe anak iku wong Aislam || |
| 25.04 | milane tan têbah |[2] anuduhakên ing ngèlmi | sang putri aris ngandika | ingsun wurukên ing ngèlmi | lan adus êkèl iki | duk jinabat durung wêruh | parêkan ngrangkul samya | adhuh gusti ingsun nyai | têmên-têmên tênggane arsa agama || |
| 25.05 | pun inya matur anêmbah | ing adus gangsal prakawis | ingkang yugya kinawruhan | kang rumuhun adus wajib | upami lamun ngipi | utawi sih lamun kurud | apan yugya dinusan | yèn wong èstri mawi laki | ing pawore sampuning adus jinabat || |
| 25.06 | lapale rumuhun akêbar |[3] nipas wiladah wastèki | tan kenging layon botêna | ping sêkawan adus mayit | êmban anom nauri | paksa limpat sira iku | wuruk ing ramaningwang | aja tunggal paling urip | angèl têmên pranatane [[f. 81v]] wong agêsang || |
| 25.07 | adus wungêna ing toya | mapan durung Islam iki | tuwas atis dhêrodhokan | wus suci dinusan malih | ana kang dèrèng suci | iya iku dening banyu | puniku takokêna | marang wong kang ahlul santri | apa maning takokêna wong utama || |
| 25.08 | Ni Pangranyuh aris majar | ingsun duk anom sadhidhik | guru wong ahlul micara | ing pakuncèn wismanèki | iku kang sun guroni | wuruk ingkang maring ingsun | aja kathik jinabat | gawe apa ngaribêdi | kêkepetan saprandene ulih anak || |
| 25.09 | saumure yèn sahuwat | ara kathik adus maning | parandene sugih anak | anake budhêl sawiji | pan kama lêrên[4] dadi | ana cêngkal warak iku | anga angêdohi jinabad |[5] tandhane anêrang jangji | wong sêsuci dadi tiyanging agama || |
| 25.10 | Rêtna Puspita ngandika | ingsun wurukên ngabakti | wurukên masalah etang | gumuyu ni êmban sami | kongsi damare mati | kapiasêm dènnya ngrungu | adan Êmban Pangrunda | bêlêmane dèn damuni | netranira malah andrês mijil waspa || |
| 25.11 | Pangrundah kapuyuh pisan | saking gumuyu kêpati | bêlêmane kauyuhan | gênine sêdaya mati | ni êmban asru angêling |[6] kaningaya ira iku | dening têka sikara | têka amatèni gêni | ciniwêlan duwene ni êmban ika || |
87–88 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: amung pêdhêkan tiga. (kembali) |
| 2 | Kurang dua suku kata: milane datan atêbah. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: lapale rumuhun akbar . (kembali) |
| 4 | lêrês. (kembali) |
| 5 | Lebih dua suku kata: angêdohi jinabad. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: ni êmban asru angling. (kembali) |