Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 40
11–12 dari 143
107–116 dari 1.427
| 03.10 | dhimana lu punya tanah | muwat apa budhak dhi mana pêgi | kang tinakèn nak amuwus | saya arang dhi Cêmpa | tidhak muwat sing prau kita sunggu |[1] ki nakuda dhari mana | dhi mana têmpat nêgari || |
| 03.11 | sumaur punang nakuda | saya mau pêgi nêgari Tukin | saya orang nagri Êrum | tapi dhi luwar kutha | palwanipun wus laju nora kadulu | sampun têbah lêliwatan | sawênèh kari kawuri || |
| 03.12 | wontên malih katingalan | kêthip-kêthip layar katon sailir | wus silêm dharatan gunung | amung pangulu litang | lan srêngenge Selarasa layaripun | tigang dalu tigang siyang | duk katêdhakan ing angin || |
| 03.13 | pêpêtêng angin tunggara | silir wêngi têdhak kang punang angin | anut paraning pêrau | tan kêna sinayutan | ngucur angin tigang siyang tigang dalu | kabiyas tibèng dharatan | ing Atashulu kapinggir || |
| 03.14 | tiba ing pamigir[2] desa | pasisire angetan mawi kali | têmbir ombakipun agung | bangkat anêmpuh karang | Selarasa anjênêng ing wuri muwus | kakang ika tangguhana | ing pundi labuh puniki || |
| 03.15 | nulya kagitik ing ombak | babarpisan palya pêjah kabanting | mring dharatan lir sinurung | Selarasa malêmpat | jangjining Yang puniki kakang tinêmu | bang-bang wetan wayahira | samya linggih ing pasisir || |
| 03.16 | paminggiraning nêgara | Atashulu wastane [[f. 11v]: wa...stane] kang nêgari | winastanan desa Mundhu | kunêng rare têtiga | yèn ing dalu nusup ing alas aturu | sampun angsal tigang dina | yèn siyang anèng gagisik || |
| 03.17 | tan kocapa wong têtiga | kawuwusa wontên dhudha tur pêkir | awisma ing desa Mundhu | awasta Ki Lubama | nênggih darbe anak wadon siji ayu | gawene tansah cok mular | anangis raina wêngi || |
| 03.18 | Ni Rumsari wastanira | pan katilar ing rena dèrèng lami | gangsal sasi laminipun | nangis sarya wêcana | rama kula angipi kalaning dalu | katon warnane gumawang | rare têtiga apêkik || |
| 03.19 | dawêk rama ularana | wetan kono pêrnahe duk angipi | dede rare mukti iku | nanging angsale kuna | kawêlasasih nama ta rare puniku |[3] nanging angsale ing kuna | iku têrahing bupati || |
11–12 dari 143
| 1 | Kurang satu suku kata: tidhak muwat sing pêrau kita sunggu. (kembali) |
| 2 | paminggir. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: kawlasasih nama ta rare puniku. (kembali) |