Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 40
11–12 dari 143
110–119 dari 1.427
03.13 pêpêtêng angin tunggara | silir wêngi têdhak kang punang angin | anut paraning pêrau | tan kêna sinayutan | ngucur angin tigang siyang tigang dalu | kabiyas tibèng dharatan | ing Atashulu kapinggir ||
03.14 tiba ing pamigir[1] desa | pasisire angetan mawi kali | têmbir ombakipun agung | bangkat anêmpuh karang | Selarasa anjênêng ing wuri muwus | kakang ika tangguhana | ing pundi labuh puniki ||
03.15 nulya kagitik ing ombak | babarpisan palya pêjah kabanting | mring dharatan lir sinurung | Selarasa malêmpat | jangjining Yang puniki kakang tinêmu | bang-bang wetan wayahira | samya linggih ing pasisir ||
03.16 paminggiraning nêgara | Atashulu wastane [[f. 11v]: wa...stane] kang nêgari | winastanan desa Mundhu | kunêng rare têtiga | yèn ing dalu nusup ing alas aturu | sampun angsal tigang dina | yèn siyang anèng gagisik ||
03.17 tan kocapa wong têtiga | kawuwusa wontên dhudha tur pêkir | awisma ing desa Mundhu | awasta Ki Lubama | nênggih darbe anak wadon siji ayu | gawene tansah cok mular | anangis raina wêngi ||
03.18 Ni Rumsari wastanira | pan katilar ing rena dèrèng lami | gangsal sasi laminipun | nangis sarya wêcana | rama kula angipi kalaning dalu | katon warnane gumawang | rare têtiga apêkik ||
03.19 dawêk rama ularana | wetan kono pêrnahe duk angipi | dede rare mukti iku | nanging angsale kuna | kawêlasasih nama ta rare puniku |[2] nanging angsale ing kuna | iku têrahing bupati ||
03.20 pêkir Lubama angucap | angulèthèk rêrasanira iki | salahe saya andarung | angandêl ing supêna | wong angipi babo tan kêna binastu | apan akèh ipèn dora | iku tan kêna pinasthi ||
03.21 aja ta kang kaya sira | wong kang arip ipene kadhang sisip | saengga ngambil wong iku | wus kanggo tingal tunggal | supênane mênawa kêna binastu | jaring turuning ku ekram | munajat ênêngerèki ||
03.22 saujarèku akullah | paningale makripatollah ugi [[f. 12r]] | pangambu pamiyarsèku | usiking dadi sêmbahan |[3] barang polah wus ora ana kadulu | wus nganggo paningal tunggal | tahyun malukèku singgih ||
11–12 dari 143

 


paminggir. (kembali)
Lebih satu suku kata: kawlasasih nama ta rare puniku. (kembali)
Lebih satu suku kata: usiking dadi sêmbah. (kembali)