Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 40
12–13 dari 143
113–122 dari 1.427
| 03.16 | paminggiraning nêgara | Atashulu wastane [[f. 11v]: wa...stane] kang nêgari | winastanan desa Mundhu | kunêng rare têtiga | yèn ing dalu nusup ing alas aturu | sampun angsal tigang dina | yèn siyang anèng gagisik || |
| 03.17 | tan kocapa wong têtiga | kawuwusa wontên dhudha tur pêkir | awisma ing desa Mundhu | awasta Ki Lubama | nênggih darbe anak wadon siji ayu | gawene tansah cok mular | anangis raina wêngi || |
| 03.18 | Ni Rumsari wastanira | pan katilar ing rena dèrèng lami | gangsal sasi laminipun | nangis sarya wêcana | rama kula angipi kalaning dalu | katon warnane gumawang | rare têtiga apêkik || |
| 03.19 | dawêk rama ularana | wetan kono pêrnahe duk angipi | dede rare mukti iku | nanging angsale kuna | kawêlasasih nama ta rare puniku |[1] nanging angsale ing kuna | iku têrahing bupati || |
| 03.20 | pêkir Lubama angucap | angulèthèk rêrasanira iki | salahe saya andarung | angandêl ing supêna | wong angipi babo tan kêna binastu | apan akèh ipèn dora | iku tan kêna pinasthi || |
| 03.21 | aja ta kang kaya sira | wong kang arip ipene kadhang sisip | saengga ngambil wong iku | wus kanggo tingal tunggal | supênane mênawa kêna binastu | jaring turuning ku ekram | munajat ênêngerèki || |
| 03.22 | saujarèku akullah | paningale makripatollah ugi [[f. 12r]] | pangambu pamiyarsèku | usiking dadi sêmbahan |[2] barang polah wus ora ana kadulu | wus nganggo paningal tunggal | tahyun malukèku singgih || |
| 03.23 | iku ta ika mangkana | supênane iku tan kêna sisip | uwus ta mênênga babu | sêdhêng aja karuna | ingsun iki susah ati durung mantun | satilare ibunira | durung enak dhahar guling || |
| 03.24 | Ni Rumsari angandika | adhuh rama mangke manira purik | yèn tan kêpanggih wong iku | lah rama ulatana | kula uga ngipi datan pati turu | kula tangi maksih wayah | dalah mangke kantos maksih || |
| 03.25 | yèn awèt mêngkatên rama | datan wande kawula pêjah brangti | kèwêran kang rama amuwus |[3] sarya ngrangkul kang putra | iya gusti lah mênênga ankingsun[4] |[5] karia si rama lunga | Ki Lubama sigra mijil || |
12–13 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: kawlasasih nama ta rare puniku. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: usiking dadi sêmbah. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: kewran kang rama amuwus. (kembali) |
| 4 | anak ingsun. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: iya gusti lah mênênga anak ingsun. (kembali) |