Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 40
12–13 dari 143
116–125 dari 1.427
03.19 dawêk rama ularana | wetan kono pêrnahe duk angipi | dede rare mukti iku | nanging angsale kuna | kawêlasasih nama ta rare puniku |[1] nanging angsale ing kuna | iku têrahing bupati ||
03.20 pêkir Lubama angucap | angulèthèk rêrasanira iki | salahe saya andarung | angandêl ing supêna | wong angipi babo tan kêna binastu | apan akèh ipèn dora | iku tan kêna pinasthi ||
03.21 aja ta kang kaya sira | wong kang arip ipene kadhang sisip | saengga ngambil wong iku | wus kanggo tingal tunggal | supênane mênawa kêna binastu | jaring turuning ku ekram | munajat ênêngerèki ||
03.22 saujarèku akullah | paningale makripatollah ugi [[f. 12r]] | pangambu pamiyarsèku | usiking dadi sêmbahan |[2] barang polah wus ora ana kadulu | wus nganggo paningal tunggal | tahyun malukèku singgih ||
03.23 iku ta ika mangkana | supênane iku tan kêna sisip | uwus ta mênênga babu | sêdhêng aja karuna | ingsun iki susah ati durung mantun | satilare ibunira | durung enak dhahar guling ||
03.24 Ni Rumsari angandika | adhuh rama mangke manira purik | yèn tan kêpanggih wong iku | lah rama ulatana | kula uga ngipi datan pati turu | kula tangi maksih wayah | dalah mangke kantos maksih ||
03.25 yèn awèt mêngkatên rama | datan wande kawula pêjah brangti | kèwêran kang rama amuwus |[3] sarya ngrangkul kang putra | iya gusti lah mênênga ankingsun[4] |[5] karia si rama lunga | Ki Lubama sigra mijil ||
03.26 lêpas lampahe mangetan | Ki Lubama anurut pigir[6] pasisir |[7] lampahira mandhêk mangu | tan wontên ingkang sinadya |[8] malah wayah lingsir kilèn têkèng waktu | Ki Lubama asêmbayang | lohor sandhaping sulasri[9] ||
03.27 sabakdanira sêmbayang | nulya ngetan Lubama aningali | rare têtiga alungguh | awas dènnya tumingal | dene bagus rare katigane wau | rare ngêndi iki baya | dene katigane pêkik ||
03.28 Lubama mangu kacaryan | pinaranan anèng sore sulasri | Lubama aris amuwus [[f. 12v]: a...muwus] | hèh teja sulêksana | bagus pundi pinangkaning duk ing dangu | manira têmbe tumingal | Selarasa anauri ||
12–13 dari 143

 


Lebih satu suku kata: kawlasasih nama ta rare puniku. (kembali)
Lebih satu suku kata: usiking dadi sêmbah. (kembali)
Lebih satu suku kata: kewran kang rama amuwus. (kembali)
anak ingsun. (kembali)
Kurang satu suku kata: iya gusti lah mênênga anak ingsun. (kembali)
pinggir. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ki Lubama nurut pinggir pasisir. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan wontên kang sinêdya. (kembali)
sulastri (dan di tempat lain). (kembali)