Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 40
12–13 dari 143
120–129 dari 1.427
| 03.23 | iku ta ika mangkana | supênane iku tan kêna sisip | uwus ta mênênga babu | sêdhêng aja karuna | ingsun iki susah ati durung mantun | satilare ibunira | durung enak dhahar guling || |
| 03.24 | Ni Rumsari angandika | adhuh rama mangke manira purik | yèn tan kêpanggih wong iku | lah rama ulatana | kula uga ngipi datan pati turu | kula tangi maksih wayah | dalah mangke kantos maksih || |
| 03.25 | yèn awèt mêngkatên rama | datan wande kawula pêjah brangti | kèwêran kang rama amuwus |[1] sarya ngrangkul kang putra | iya gusti lah mênênga ankingsun[2] |[3] karia si rama lunga | Ki Lubama sigra mijil || |
| 03.26 | lêpas lampahe mangetan | Ki Lubama anurut pigir[4] pasisir |[5] lampahira mandhêk mangu | tan wontên ingkang sinadya |[6] malah wayah lingsir kilèn têkèng waktu | Ki Lubama asêmbayang | lohor sandhaping sulasri[7] || |
| 03.27 | sabakdanira sêmbayang | nulya ngetan Lubama aningali | rare têtiga alungguh | awas dènnya tumingal | dene bagus rare katigane wau | rare ngêndi iki baya | dene katigane pêkik || |
| 03.28 | Lubama mangu kacaryan | pinaranan anèng sore sulasri | Lubama aris amuwus [[f. 12v]: a...muwus] | hèh teja sulêksana | bagus pundi pinangkaning duk ing dangu | manira têmbe tumingal | Selarasa anauri || |
| 03.29 | kawula wong mêndhang kentar | sagèn kampir saking Cêmpa alami | winastan Wedang Lêlaku | wong tumpêr cinawêtan | rare panas nèng gnêra[8] akèh nundhung |[9] malah Sang Nata ing Cêmpa | mring kawula anyar pati || |
| 03.30 | baya lami sira nyawa | anèng kene dèrèng amanggih panti | inggih paman sampun antuk | tigang dalu kawula | Ki Lubama muwus nyawa anak ingsun | pun paman karyanên bapa | lah payo mring wisma gusti || |
| 03.31 | Selarasa angandika | gih katêdha si andika mring kami | Selasyara aris muwus | pantêse kai paman | yèn wontêna ing desa ngariki bisuk | tan wande dadi pitênah | pan kawula rare singit || |
| 03.32 | wontên ing ngariki paman | datan wande kawarta ing nêgari | katon yèn rare kumukus | tan wande kula pêjah | Ki Lubama asru ing pamuwusipun | pun paman karyanên dhadha | bisuk yèn ana bilai || |
12–13 dari 143
| 1 | Lebih satu suku kata: kewran kang rama amuwus. (kembali) |
| 2 | anak ingsun. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: iya gusti lah mênênga anak ingsun. (kembali) |
| 4 | pinggir. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: Ki Lubama nurut pinggir pasisir. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: tan wontên kang sinêdya. (kembali) |
| 7 | sulastri (dan di tempat lain). (kembali) |
| 8 | nêgara. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: rare panas nèng nêgara akèh nundhung. (kembali) |