Tembang macapat
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 40
13–14 dari 143
126–135 dari 1.427
| 03.29 | kawula wong mêndhang kentar | sagèn kampir saking Cêmpa alami | winastan Wedang Lêlaku | wong tumpêr cinawêtan | rare panas nèng gnêra[1] akèh nundhung |[2] malah Sang Nata ing Cêmpa | mring kawula anyar pati || |
| 03.30 | baya lami sira nyawa | anèng kene dèrèng amanggih panti | inggih paman sampun antuk | tigang dalu kawula | Ki Lubama muwus nyawa anak ingsun | pun paman karyanên bapa | lah payo mring wisma gusti || |
| 03.31 | Selarasa angandika | gih katêdha si andika mring kami | Selasyara aris muwus | pantêse kai paman | yèn wontêna ing desa ngariki bisuk | tan wande dadi pitênah | pan kawula rare singit || |
| 03.32 | wontên ing ngariki paman | datan wande kawarta ing nêgari | katon yèn rare kumukus | tan wande kula pêjah | Ki Lubama asru ing pamuwusipun | pun paman karyanên dhadha | bisuk yèn ana bilai || |
| 03.33 | anak bagus yaktènana | pan si paman gusti akênên siwi | lir mulat ing kamal ingsun | alon radèn têtiga | têka nêdha ingsun mulih ngawu-awu | yèn dening gusti ing pêjah | datan kêna owah gingsir || |
| 03.34 | ki bagus pacuwan limpad | ing aurip pati sampun pinasthi | alon [[f. 13r]] Selarasa muwus | dhumatêng ingkang raka | dawêk raka sihe paman dika turut | ing lara pati sinăngga | kang raka nurut sakabti[3] || |
| 03.35 | wus binêkta mantuk sigra | tan kawarna ing marga sampun prapti | waktu asar wancinipun | praptanira ing wisma | Ki Lubama anake inguwuh sampun | Ni Rumsari marenea | gawaa kêlasa agêlis |[4]| |
| 03.36 | Selaswara wuwusira | sampun paman bilih wontên undani[5] | pun paman akên katèngsun | pulunane pun paman | lah yèn wontên tatăngga lor kilèn kidul | pacuwan kabyantaraa | dipun wêlas dhatêng kami || |
| 03.37 | warnanên Dèwi Rumsêkar | amarani dhatêng kang rama aririh |[6] uni yèn dhatêngan wau | sarya bêkta kêlasa | arsa gêlar ing bale mangkya adulu | têtamu kang anèng manah | Ni Rumsari nulya balik || |
| 03.38 | malêbêt mangu nèng wisma | aningali satriya anom apêkik |[7] lir dinaud manahipun | gumêbyar ing wardaya | Ki Lubama ngancarani ingkang rawuh | Selasyara Selagănda | Selarasa samya linggih || |
13–14 dari 143
| 1 | nêgara. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: rare panas nèng nêgara akèh nundhung. (kembali) |
| 3 | sakapti. (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: gawaa kêlasa aglis. (kembali) |
| 5 | udani. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: amarani dhatêng rama aririh. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: aningali satriya nom apêkik. (kembali) |