Tembang macapat

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 40
13–14 dari 143
129–138 dari 1.427
03.32 wontên ing ngariki paman | datan wande kawarta ing nêgari | katon yèn rare kumukus | tan wande kula pêjah | Ki Lubama asru ing pamuwusipun | pun paman karyanên dhadha | bisuk yèn ana bilai ||
03.33 anak bagus yaktènana | pan si paman gusti akênên siwi | lir mulat ing kamal ingsun | alon radèn têtiga | têka nêdha ingsun mulih ngawu-awu | yèn dening gusti ing pêjah | datan kêna owah gingsir ||
03.34 ki bagus pacuwan limpad | ing aurip pati sampun pinasthi | alon [[f. 13r]] Selarasa muwus | dhumatêng ingkang raka | dawêk raka sihe paman dika turut | ing lara pati sinăngga | kang raka nurut sakabti[1] ||
03.35 wus binêkta mantuk sigra | tan kawarna ing marga sampun prapti | waktu asar wancinipun | praptanira ing wisma | Ki Lubama anake inguwuh sampun | Ni Rumsari marenea | gawaa kêlasa agêlis |[2]|
03.36 Selaswara wuwusira | sampun paman bilih wontên undani[3] | pun paman akên katèngsun | pulunane pun paman | lah yèn wontên tatăngga lor kilèn kidul | pacuwan kabyantaraa | dipun wêlas dhatêng kami ||
03.37 warnanên Dèwi Rumsêkar | amarani dhatêng kang rama aririh |[4] uni yèn dhatêngan wau | sarya bêkta kêlasa | arsa gêlar ing bale mangkya adulu | têtamu kang anèng manah | Ni Rumsari nulya balik ||
03.38 malêbêt mangu nèng wisma | aningali satriya anom apêkik |[5] lir dinaud manahipun | gumêbyar ing wardaya | Ki Lubama ngancarani ingkang rawuh | Selasyara Selagănda | Selarasa samya linggih ||
03.39 anèng bale sakatiga | Ni Rumsari onèng jro wisma linggih | kalihan pawonganipun | kang wasta Ni Jumêna | alon matur marminipun dika mangu | èngêt kala duk supêna | sinabêran[6] dhangdhanggêndhis [[f. 13v]: dhang...dhanggêndhis] ||
4. Dhandhanggula
04.01 milaningsun babo mênêng iki | pan kèngêtan wau kang supêna | iya mangkana rupane | têtiga bagus-bagus | dhuh si rama dene abangkit | angulati supêna | Ni Jumêna matur | kinèn ambyantarakêna | kapulunan ing têtăngga kanan kèri | Rumsari suka bungah ||
04.02 Ki Lubama anake dèn bisik | nini sira ya olah-olaha | sanakira pan kaluwèn | saksana kang inguwuh | Ni Rumsari sumaur aris | wus damêl ambêng kula | têka dika lungguh | Ni Rumsari olah-olah | lan Jumêna tan dangu [[f. 14r]] nulya mahgêrip | Ki Lubama angucap ||
13–14 dari 143

 


sakapti. (kembali)
Lebih satu suku kata: gawaa kêlasa aglis. (kembali)
udani. (kembali)
Lebih satu suku kata: amarani dhatêng rama aririh. (kembali)
Lebih satu suku kata: aningali satriya nom apêkik. (kembali)
sinambêran. (kembali)