Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 170
228–229 dari 856
2.275–2.284 dari 8.560
| 041.044 | gancanging carita prapta | Pasuruhan gêgamaning Matawis | gègèr kang wong desa umyung | angusi mring jro kitha | Pasuruhan namane bupatinipun | Kya Tumênggung Kapugungan | abaris jro kithanèki || |
| 041.045 | wong Pasuruhan malatar | wong Mataram prapta angêpung wani | lor wetan kalawan kidul | kang sami binarisan | nanging kuloning kutha puniku suwung | linawong tan binarisan | dening sagung wong Matawis || |
| 041.046 | Kya Tumênggung Kapugungan | kudanira pun Mêndhung dèn titihi | ulêsipun jangjan biru | nyirig ngidêri kitha | Ki Tumênggung Kapugungan asru muwus | hèh sira wong Pasuruhan | besuk isun ajak mati || |
| 041.047 | warnanên malêm Jumungah | ki tumênggung sampun midhangêt warti | yèn benjang badhe ginêmpur | tumênggung pikiring tyas | upamane sun lawana wong Matarum | măngsa ta nêdya mênanga | isun musuh wong Matawis || |
| 041.048 | wong kêdhik kalawan kathah | padha akèh wong wetan ora ngudhili [[f. 206r]: ngudhi...li] |[1] duk prang Siwalan karuhun | pan akèh wong bang wetan | saprandene kaburu kapêntut-pêtut[2] | aku maning yèn ejoha[3] | angur mundur mumpung asri || |
| 041.049 | Ki Tumênggung Kapugungan | wadyanira pan arsa dèn apusi | hèh wong Pasuruhan besuk | isun pan arsa mêdal | bêcik bêngi lah payo padha ingamuk | pasthi gugup wong Mataram | payo ngamuk têngah wêngi || |
| 041.050 | akèh wadya ing Mataram | yèn ta sira angamuk têngah wêngi | pasthine ika agugup | bingung tan wruh ing paran | wong Mataram pasthine banjur lumayu | pan olih bandhangan benjang | akèh rusak wong Matawis || |
| 041.051 | yèn sira ngêkêb nèng kitha | pan kinêpung măngsa wurunga mati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucaping jalma | wadyanira sadaya sampun arêmbug | nulya anata gêgaman | Pasar Agêng dènnya baris || |
| 041.052 | Kya Tumênggung Kapugungan | sigra dadan kudane dèn kambili | ikang awasta pun Daru | acêmêng ulêsira | gih puniku ikang awasta pun Daru | sigra nulya tinitihan | kang garwa wus dèn wangsiti || |
| 041.053 | Ki Tumênggung Kapugungan | mêtu ngulon barise wus dèn irid | sarwi sumbar amuk-amuk | anantang wong Mataram | samya kagyat wong Mataram dadya muwus | hèh wong batur [[f. 206v]] dèn prayitna | wong Pasuruhan mêtoni || |
228–229 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: padha kèhe wong wetan pothar-pathir (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.49.2); padha kèhe ingsun datan ngudhili (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.18.2). (kembali) |
| 2 | kapêntut-pêntut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.227, Pupuh 41.48.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.49.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.18.5). (kembali) |
| 3 | enjoha. (kembali) |