Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
50 dari 170
256–257 dari 856
2.556–2.565 dari 8.560
| 050.015 | nora nana toya kang binukti | kang angumbe apan dadya lara | awatuk lara wêtênge | dadya rêmbug anungkul | kang satêngah angajak jurit | salin barêmbugira | wasana akatur | marang Pangran Surabaya | sinewaka dening sagung para mantri | răngga ngabèi dêmang || |
| 050.016 | pugawanira pêpêk anangkil | para panji tuwin pra sêntana | pêpêk andhèr ing ngarsane | sadaya sarêng matur | kang sapalih angajak jurit | wanèh angajak kesah | kèmêngan tyasipun | pangeran ing Surabaya | Tambakbaya kumitir miyarsa warti | suka yèn ingabêna || |
| 050.017 | wong Surabaya pan samya angling | Ki Sanjata mêksa kumawawa | kêdah angajak prang bae | yèn ejuha[1] karuwun | măngsa têmah wontêna ngriki | pasthi wontên ing Pajang | kang kaya sirèku | wong amati ngajak-ajak | Ki Sanjata buronan têka Matawis | wong mati ngajak ala || |
| 050.018 | lakung èmêng Pangran Surabanggi | dipun rasa bênêr ikang mojar | angajak nukungl[2] bêcike | rinasa jroning kalbu | nanging têka angrasa isin | dadya kèmêngan ing tyas | wadya sami kuru | wong Surabaya [[f. 231r]] tan mangan | sakathahe wau sami ngajak jurit | ana ngajak nungkula || |
| 050.019 | ngajak sowan mring Sultan Matawis | dadya pangeran ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | anuruti karsaning mantri | ngandika mring kang putra | sebaa karuhun | isun pan ora lumampah | anak isun Si Pêkik sebaa dhingin | ngiringa mantrinira || |
| 050.020 | para mantri sadaya wotsari | samya umatur mring gustinira | pangraos kawula mangke | nah agèr lampahipun | kadi botên mungkasi kardi | yèn suwawi ing karsa | lêhêng ta pukulun | igih tindaka priyoga | apêpanggih lan putra tuwan Matawis | supados katrimaa || |
| 050.021 | Pangran Surabaya ngandika ris | isun wêruh iya karêpira | nanging isun durung sae | têmu lan anak prabu | nanging putranisun Si Pêkik | lah kaki lumakua | dadya wakil isun | sira sun srahkên Yyang Sukma | lara pati luwih karsane Yyang Widi | sumăngga titahing Yyang || |
| 050.022 | Gusti Kang Agung kang ngawikani | ing sapari polah anak iwang | măngsa bodho Pangerane | sun gawani wong sèwu | lan sakèhe kang para mantri | miwah rajabêrana | iki layang isun | tibakêna [[f. 231v]] kang utusan | ikang baris anèng sajabaning kori | Mangunonêng kang nama || |
| 050.023 | sigra mangkat Dèn Mas Apêkik |[3] pan ingiring ing wong Surabaya | wong sèwu mugèng wikinge | rajabrana pinikul | pan akathah bokokannèki | pan kinarya pratăndha | yèn tuhu anungkul | sapraptane jawi kitha | dèn sêsiwo marang wadya ing Matawis | èbêt nanging pinêksa || |
| 050.024 | Kyai Dêmang Ngurawan kariyin | bêkta surat tan adangu prapti |[4] marang pambarisan gêdhe | Kya Mangunonêng mêtu | Ki Ngurawan dipun panggihi | sinungakên kang surat | sinukmèng ing kalbu | ungêle nuwala patra | arsa nukul Pangran Surabaya wangkil | putranipun kewala || |
256–257 dari 856
| 1 | enjuha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.6.4). (kembali) |
| 2 | nungkul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.256, Pupuh 50.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.7.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.18.3). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: sigra mangkat Radèn Mas Apêkik. Bandingkan: sigra bubar sira Ki Mas Pêkik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.12.1); sigra budhal Rahadyan Mas Pêkik (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.12.1); sigra mangkat wau sang dipati (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.23.1). (kembali) |
| 4 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.256, Pupuh 50.24.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.13.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.24.2; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.13.2). (kembali) |