Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
56 dari 170
283–284 dari 856
2.828–2.837 dari 8.560
056.033 kanjêng sultan suka jroning galih | amiyarsa ature dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | hèh adhi mas ing Surawèsthi | marma para sun undang | panggiha lan isun | wus pinasthi karsaning Yyang | patêmone lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasandara[1] ||
056.034 wus raina sang surya wus mijil | sapandulon adhi lawan căndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | upamane isun surya | adhi Pêkik upamane para sasi | pasthi timbangan iwang ||
056.035 tanah Jawa ing Mataram iki | lamun sira yayi nora nana | pasthi rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama têlaga | pancurane isun | pasthi sira nadhahana | banyu pênuh [[f. 255v]] têlaga yèn tan nadhahi | yakti puwara asat ||
056.036 upama rêtna adi Matawis | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | apan mirang ikang ningali | ucula ing êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | arsa angêmbanana ||
056.037 lah ta para yayi Surawèsthi | awismaa anèng ing Mataram | taksiha kabupatène | nêgaranira iku | sun wèhakên ing sira malih | wadya ing Surabaya | ayya owah iku | kang ligih lampit kandhaga | apan iya para tumênggung dèn maksih | kaya duk ramanira ||
056.038 atur sêmbah Pangran Surawèsthi | sampun kondur sang nata ngadhatyan | datan winarna lamine | Pangran Surabayèku | gènnya dalêm anèng Matawis | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | ikang nama Ratu Pandhan | aprasasat adarbe nêgari kalih | Mataram Surapriga ||
056.039 sampun lami gènira mor rêsmi | Pangran Pêkik lawan Ratu Pandhan | kang garwa lakung trêsnane | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | lah mara timbalana | babo arinisun | matura yèn isun gêrah | kinon marah lakine [[f. 256r]] kinèn nuturi | yèn tan lila ja miyang ||
056.040 sigra mintar punang cèthi prapti | ing dalême Pangran Surabaya | sampun prapta ing ngarsane | Pangran Surabayèku | punang cèthi umatur aris | pan kawula punika | gusti dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kajêng sultan dikakakên animbali | dhatêng rayi panduka ||
056.041 kajêng sultan dawêg gêrah gusti | kang wêwêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbua kadhatun | dèn tijoa laraku iki | yèn lakine tan suka | utawa lumêbu | pangeran ing Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kuwasa lênggana ||
056.042 sigra mangkat Ratu Pandhansari | sampun malêbêt sajro kadhatyan | sampun prapta ing prênahe | gènnya sare sang prabu | sigra ratu ing Pandhansari | ngabêkti mring kang raka | mangusapi lêbu | Ratu Pandhan atur sêmbah | mring kang raka punapa gêrah sang aji | manah amba kapita ||
283–284 dari 856

 


sasadara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.31.10). Bandingkan: sasadhara (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.32.10). (kembali)