Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 170
43–44 dari 856
423–432 dari 8.560
006.012 pan ki ajar wau kang winarni | lagya lênggah ing dhepok ki ajar | ingadhêp dening cantrike | ki ajar sigra muwus | marang cantri[1] asêmu wingit | cantrik lah têtêbaha | mêngko ana tamu | tur utusane sang nata | lan kang garwa pun cantrik sigra angambil | kalasa wus ginêlar [[f. 35v]] ||
006.013 ingkang lumampah pan sampun prapti | ki apatih lawan Ni Sumêkar | sukuning arga pêrnahe | sakèh kang bala kantun | soring ardi rêkyana patih | lampahira kalihan | wus prapta ing luhur | malêbên[2] dhepok ki ajar | pan wus cundhuk ki ajar angacarani | dawêg gèr dika lênggah ||
006.014 suwawi kyai kula aturi | ki apatih anulya alênggah | lawan Ni Sumêkar mangke | akathah kang winuwus | angandika rêkyana patih | ingsun iki ki ajar | ingutus sang prabu | ujaring warta wong kathah | apan nyata awas tur bari asêkti | ki ajar aturira ||
006.015 măngsa boronga kanjêng nrêpati | ki apatih aris angandika | lah ki ajar ping kalihe | pangandika sang prabu | kinèn badhe maring kang rayi | wawratan tigang wulan | jalu èstrinipun | ki ajar aris aturnya | inggih kyai mandi sabdaning nrêpati | wawratane kang garwa ||
006.016 atur kawula kiyai patih | punika bênjang tur miyos lanang | abagus langkung sêktine | sami warna sang prabu | agêntosi[3] angrèh nêgari | sapa kang nandhingana | sêktine kalangkung | sampeyan matur sang nata | yèn mêngkatên atur kawula kiyai | mèsêm rêkyana patya ||
006.017 yèn ngucapa ki rêkyana patih | bênêr pangandikane sang nata | iki wong dêstun arane | goragatha[4] apugungh[5] | bêbikrakan dhapur mathikrik[6] | muthangkus amênthathang[7] [[f. 36r]: a...mênthathang] | katha raganipun | pan iya undhaking warta | tan ginuga sudane ikang kêkirim | kongsi katur sang nata ||
006.018 angandika wau ki apatih | apa têmên ajar ujarira | ki ajar alon ature | pan yêktos ujar ingsun | pundi watên ujar ping kalih | sapisan wus wêkasan | ki apatih muwus | lah ajar sira karia | ingsun pamit lèngsèr wau ki apatih | lawan Rara Sumêkar ||
006.019 tumurun saking ing Ardi Wilis | prapta suku wau wadyabala | umyang gumuruh syarane | ki patih budhal sampun | Ni Sumêkar anitih joli | ginarêbêg ing bala | lampahnya andarung | satêkane têngah wana | nabrang kali Ni Sumêkar aningali | toya wêning kawuryan ||
006.020 arsa siram wau radèn dèwi | angrasa wau gêrahauyang | sang rêtna pangandikane | kakang patih lah ingsun | arsa siram agrah kêpati | singgahêna wong kathah | dèn têbah lan ingsun | rêkyana patih glis undhang | wadyabala kinèn sumikir[8] atêbih | wus bubar ingkang wadya ||
006.021 Rêtna Sumêkar tumurun aris | anguculi wau kang busana | kenyut ing manah wiyose | bakor datan kadulu | bêbêngkunge sutra tan kèksi | asru dènira ngucap | wus karsa dewa gung | nulya wawrat tigang wulan | wus pinasthi karsane dewa kang [[f. 36v]] luwih | ki patih têbah jaja ||
43–44 dari 856

 


cantrik (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 11.14.5). (kembali)
malêbêt. (kembali)
anggêntosi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.16.5). (kembali)
goragadha. Bandingkan: gorakatha (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.17.4). (kembali)
apunggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.17.4). (kembali)
mathingkrik. (kembali)
amêthanthang. (kembali)
sumingkir (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.42, Pupuh 6.20.9). (kembali)