Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
61 dari 170
294 dari 856
2.931–2.940 dari 8.560
061.016 wong Jakarta sampun obah | wong Jawi sami ambalik | aseba mring Ki Mandura | amung ta kari Kumpêni | samya angati-ati | baluwartine aluhur | mariyêm wus amapan | gurnada lan gutuk api | pan Wêlănda adina-dina puyêngan ||
061.017 pagêdhene[1] kang Wêlănda [[f. 265v]] | kang parentah mring Kumpêni | Kapitan Jakung wastanya | agêng igil tur prajurit | ing sabrang tanpa tandhing | tan purun mêngsah Ki Jakung | kapitane satunggal | awasta Bèlêm Wêlandi | kang satugal Kapitan Endro wastanya ||
061.018 kapitane malih ika | Siktuye namane nênggih | Jrodo kapitan pangarsa | kalawan Kapitan Wali | Katrèng ikang satugil | kawolu Kapitan Gêbyug | petoripun sakawan | nêmbêlas luknan pangarsi | lopèrèse apan ta datan winarna ||
061.019 sadina-dina malatar | tamburnya sadaya muni | wus ambêk pêjah sadaya | Wêlandane kang acili | sadaya samya titrim[2] | tan ana kang wani mêtu | nêngêna wong Wêlănda | ucapên bala Matawis | Ki Mandurarêja barise tinata ||
061.020 sagunge para dipatya | sadaya dipun utusi | pan sampun pêpêk sadaya | kang badhe pangajur[3] jurit | bupati kanan kering | ing Jakarta samya kumpul | Cianjur lan Sumêdhang | Ukur Ciblagung Ciamis | ing Ciancang Bandhung lan Parakan Muncang ||
061.021 Limbangan Imbanêgara | Sokapura wus arakit | miwah Dipati Karawang | ing Dêrmayu Rêmbang rakit | Pangran Carêbon [[f. 266r]: Carê...bon] nênggih | kinarya têtindhihipun | pra bupati Pasundhan | kidul kilèn gènnya baris | wong pasisir bang wetan pinara tiga ||
061.022 ana kang mêdal dharatan | sawanèh miyos jaladri | wus samya prayitnèng yuda | sagunge para dipati | Barêbês lan ing Têgil | Caruban pan sampun kumpul | Sawojajar Pamalang | miwah Wiradesa iki | Batang Kêndhal Kaliwungu lan Sêmarang ||
061.023 ing Tuban lan ing Jêpara | ing Gêmbong lawan ing Bangil | pan sampun prapta sadaya | ing Kudus lawan Juwani | Sidayu lan Tribagi | sikêp ing Surabayèku | miwah Dipati Sampang | kang kinèn miyos ing warih | anjagani musuh kang mêdal lautan ||
061.024 Pangran Mandura ngandika | anari para dipati | hèh sakèh para dipatya | ing mangke paran kang pikir | tan kinêcak[4] tumuli | nêgara Jakarta iku | wong Jawa sampun têlas | padha seba marang kami | ing jro kutha mung kari gaman Wêlănda ||
061.025 Ki Baurêksa anêmbah | atur kawula kiyai | dadya kang mêdal ing toya | mung punika dèrèng prapti | rumiyin sampun jangji | ing ayuda sarêng gêmpur | gêpuk kitha Wêlănda | punika yèn asuwawi [[f. 266v]: asuwa...wi] | yèn tan prapta ing sadina kalih dina ||
294 dari 856

 


panggêdhene (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.296, Pupuh 61.17.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.18.1). (kembali)
tintrim (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
panganjur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
ginêcak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.297, Pupuh 61.24.5). Bandingkan: ginêcêk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 84.15.5). (kembali)