Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
63 dari 170
301–302 dari 856
3.009–3.018 dari 8.560
| 063.016 | wong apêrang anatasi buta kala |[1] ika sêngkalanèki | Pangeran Mandura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ingastana | nèng Kaliwungu nênggih || |
| 063.017 | tan winarna duk sêmana laminira | sang nata ing Matawis | enjing sinewaka | pêpêk kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para sêntana | sadaya samya nangkil || |
| 063.018 | angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong kang nama | adhi sira mintara | anindhihana kang jurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit || |
| 063.019 | Balambangan adhi lah sira bêdhaha | lawan Prigabayèki | iku ta ngiringa | marang ing kakangira | wadyabala ing Matawis | sira adua | yèn ana kang nguliwing || |
| 063.020 | patènana sira gawea totonan | lan isun agawani | jêjênênging [[f. 273r]: jêjênêng...ing] yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | sutane paman | Prigalaya sumêndhi || |
| 063.021 | iku iya isun karya awak iwang | kalawan sira adhi | basanana kakang | marang Si Padurêksa | pan iku sêsilih mami | sun ênggo tingal | sisih pan wong Matawis || |
| 063.022 | alah uwis padha sira adadana | sasikêping ajurit | lawan wêkas iwang | yèn bêdhah Balambangan | yèn kalah musuhirèki | lah bayongana | lanang wadon yya kari || |
| 063.023 | dina Soma lah adhi sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata wus jêngkar | saking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir myang para cèthi || |
| 063.024 | pra niya[2] pan samya bubar sadaya |[3] sampun angrakit baris | kang kinèn ayuda | măncanagri ngutusan | kinèn asaosa sami | gêgamanira | sapraboning ajurit || |
| 063.025 | kawarnaa laminya praptèng ubaya | sigra miyos tinangkil | pêpêk kang pugawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi || |
301–302 dari 856
| 1 | Tanggal: wong apêrang anatasi buta kala (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. Lihat juga: wong apêrang anatasing buta tala (AJ 1551) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.15.1); wong apêrang anatasi buta tala (AJ 1551) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.15.1); wong apêrang tinata jalma (AJ 1551) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 86.16.1). (kembali) |
| 2 | niyaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.305, Pupuh 63.24.1). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: Bandingkan: pra niyaka pan samya bubar sadaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.305, Pupuh 63.24.1); kang asowan wus sami bubar sadaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.23.1); ingkang sowan prasami bubar sadaya (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.23.1); kang sewaka wus samya bubar sadaya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.25.1). (kembali) |