Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
64–65 dari 170
312–313 dari 856
3.113–3.122 dari 8.560
064.033 duk pêputra apan lagya brangti | mulat mring wong wadon | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Yyang Kang Linuwih | rasanya [[f. 280v]: rasa...nya] anunggil | dadi Nyai Kidul ||
064.034 kajêng sultan karsa acangkrami | bubar sing kadhaton | Pamancingan sinêdyèng kalbune | sampun prapta têpining jaladri | kang prayangan pêri | sadaya amêthuk ||
064.035 nyai rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pêri padha ngiring kabèh | nampani ampilan nèng pasisir | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||
65. Kinanthi
[Kanjeng Sultan Mataram pepanggihan kaliyan nyai rara Kidul.[1]]
065.001 upacarane sang prabu | tinămpa dene ing pêri | sarupane upacara | pêri ikang anampani | manusya datan uninga | gêgawane dèn gêntèni ||
065.002 sadaya sami gêgêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun lumampah jaladri | kadi ngambah ing dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||
065.003 dening wadyabala agung | atembak pigir jaladri | sami wontên Pamancingan | ênggone nganti ing gusti | kawarnaa sri narendra | anèng têngahing jaladri ||
065.004 prapta ing kadhaton sampun | alun-alunya arêsik | wancak sujine salaka | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela cêndhani ||
065.005 pêpêthetan pigiripun | sêkare tulya angrawit | sêkare awarna-warna | pala gumantung adadi | sami ngêmohi sadaya | sawanèh kêmbang [[f. 281r]] apêntil ||
065.006 sri nalendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi jim parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sêsaka sami tambaga | sirapnya salaka putih ||
065.007 binabatur ing parunggu | ing luhur salaka putih | palênggahaning witana | sami kancana kinardi | pinatik ing nawa rêtna | lêluhure sutra putih ||
312–313 dari 856

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.314. (kembali)