Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
67 dari 170
322–323 dari 856
3.212–3.221 dari 8.560
67. Sinom
[Tumenggung Pasingsingan dipunpejahi. Pangéran Alit malik tingal dhumateng kangjeng susunan Amengkurat.[1]]
067.001 Jêng Pangeran Purubaya | wus mêdal saking jro puri | para mantri ing Mataram | sadaya sampun winangsit | prasamya ngati-ati | datan kawarna ing ênu | enjang malih kocapa | panêmbahan sampun mijil | mring pabatan jênêngi wong nambut karya ||
067.002 sagunge wadya Mataram | sakeca anambut kardi | ing sapêrnah-pêrnahira | nêngêna ika rumiyin | Pasingsingan winarni | apagunêman puniku | kalihan putranira | Agrayuda wus winêling | alah poma kulup sira angaria ||
067.003 lan sakulawangsanira | poma dèn samêkta sami | sakapraboning ayuda | dene isun kang rumiyin | namur anambut kardi | bêbata paseban kidul | ing mêngko wan-awanan | wong bêbata yèn wus mulih | sun kokoni sira dèn agêlis prapta ||
067.004 lawan sagêgamanira | sarupane aja kari | sasampunira mêmêkas | ki tumênggung sigra mijil | saking wismaning rèki | prapta ing paseban kidul | Tumênggung Pasingsingan | lampahe adingkik-dingkik | ngulap-ulap kang nambut karya winawang ||
067.005 Panêmbahan Purubaya | apan ta sampun udani | mring Tumênggung Pasingsingan | punika kang lagya prapti | pan sampun dèn pasangi | wus pêrak nulya cinêluk | Tumênggung Pasingsingan [[f. 290v]: Pasingsing...an] | sira ligiha ing ngriki | Pasingsingan sigra lumampah mring ngarsa ||
067.006 para mantri kinêjepan | sampun uninga ing wangsit | nulya sarêng anêrajang | Pasingsingan dèn suduki | tan kongsi amalêsi | kêrisira datan kunus | Pasingsingan palastra | wadyane kang ngiring-iring | ebat mulat sami lumayu sadaya ||
067.007 wus tinigas murdanira | nulya jinambak cinaking[2] | sampun sira winadhahan | ngaturkên pangeran aglis | panêmbahan agipih | umarêk dhatêng sang prabu | sarta bêkta mastaka | nêngêna ikang rumiyin | kawarnaa Agrayuda anèng wisma ||
067.008 sampun katuran uninga | yèn kang rama sampun mati | mustakanipun tinigas | pêjahe dipun suduki | Agrayuda anangis | karsane bela angamuk | sampun ngrasuk busana | nuriga kris wus kulambi | sigra nyandêr Agrayuda ngagêm watang ||
067.009 kulawangsane tinata | apan ta ical nèng margi | Agrayuda kadhewekan | wus prapta ing păncaniti | pan sampun dèn rakiti | Agrayuda sigra ngamuk | apan ta katadhahan | kuwat pira wong sawiji | Agrayuda patine nèng pamagahan ||
067.010 wus tinigas jangganira | kocapa sri narapati | sampun ngaturan uninga | Pasingsingan sampun mati | Agrayuda [[f. 291r]: Agra...yuda] nusuli | pêjah anèng alun-alun | mustaka wus tinigas | sang nata tumulya mijil | sri narendra sinewa nèng sitibêntar ||
322–323 dari 856

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.325. (kembali)
cinangking (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.325, Pupuh 67.7.2). (kembali)