Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7–8 dari 170
46–47 dari 856
459–468 dari 8.560
| 007.019 | tur uninga ki patih dhatêng sang nata | yèn wawratane lair | jalu warna pelag | sami kalih sang nata | angandika sri bupati | lah patènana | upas lan darubêsi || |
| 007.020 | pan dinulang jabang bayi marang upas | nanging tan miyatani | pan saya wêlagang | jabang bayi punika | atur uninga sang aji | yèn batên pêjah | sang nata ngandika ris || |
| 007.021 | alah patih kaya ngapa budinira | ki patih awotsari | lakung karsa tuwan | ing karsa jêngandika | yèn mêngkono iku patih | sira buwanga | Kali Karawang aglis || |
| 007.022 | duk sêmana jabang bayi winadhahan | mring kandhaga kang adi | anulya binucal | wayahe sirêp jalma | datan kawarna ki patih | gênti kocapa | ki buyut lakung maskin[1] || |
| 007.023 | pakaryane ki buyut amasang bara | ana têngahing kali | pan sampun sapasar | bara tan angsal ulam | sabên dina dèn tiliki | lêsu kang manah | ki buyut mèh marani || |
| 007.024 | malêm Sukra ki buyut sasontên mila [[f. 39r]: mi...la] | aturu anèng kali | sarêng muni rijal | kagyat ki buyut jola | panggraitane ing ati | padhanging apa | kaya raina iki || |
| 007.025 | tinilikan ki buyut bara tan angsal | padhangira kêngpati[2] | andulu kandhaga | kasangsang nèng bêbara | jinuput[3] binêkta mulih | prapta ing wisma | rabine maksih guling || |
| 007.026 | pan wus tangi binuka ingkang kêndhaga | yèn isi jabang bayi | langkung sukanira | ki buyut ing Kurawang | angucap sajroning ati | karsaning dewa | lir dhangdhang polahnèki || |
| 8. Dhandhanggula | |
| [Siyungwenara kapundhut putra déning nata Pajajaran, sinungan nama arya Banyakwidhé.[4]] | |
| 008.001 | kawarnaa wau Sri Bupati | Pajajaran ajujung kang putra | sinêngkakakên luhure | Arya Bangah kang lungguh | pan ing Galuh ingkang nêgari | Radèn Suruh punika | anèng rama prabu | bakal agêntèni nata | kang jumênêng prabu anom benjang uni | undhange sri narendra || |
| 008.002 | ênêngêna wau sri bupati | kang kocapa ki buyut punika | sampun diwasa putrane | pan emut ing tyasipun | pan ki jaka takèn mring kaki | kaki êndi si bapa | lawan biyang isun | ki buyut alon angucap | adhuh nyawa tan aduwe yayah bibi | ki jaka asru duka || |
46–47 dari 856
| 1 | miskin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | kêpati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.45, Pupuh 7.25.2). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: jinumput (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.45, Pupuh 7.25.5). (kembali) |
| 4 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.46. (kembali) |