Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 170
45 dari 856
441–450 dari 8.560
7. Durma
[Ki ajar Wilis kaperjaya déning nata Pajajaran. Sumekar babar putra nama Siyungwenara, lajeng kapupu kyai buyut Karawang.[1]]
007.001 dyan kocapa sang nata ing Pajajaran | wus budhal sri bupati | kang bala sumahab | gajah jaran punika | kêbat lampahnya kang baris | anulya prapta | wau sri [[f. 37v]] narapati ||
007.002 ênêngêna lampahe sri naranata | ki ajar kang winarni | têrus kang paningal | sidik ingkang pangucap | barang kang dèn cipta dadi | apan ki ajar | dèn adhêp dening cantrik ||
007.003 nulya dhaham ki ajar alon angucap | cantrik dèn ngati-ati | sang nata punika | arsa mugah pratapan | sapa ingkang milu mati | cantrik angucap | kawula tumut mati ||
007.004 nora kêna owah karsane ing dewa | cantri umatur aris | igih kadya punapa |[2] tuwan tumêkèng pêjah | ajar angandika aris | sri naranata | dukanira tan sipi ||
007.005 iku uga arsa matèni maringwang | nora kêna gumisir | singa ingkang măngga | matèni marang ingwang | sun srahakên dewa luwih | sapa nguntapna | ing pati lawan urip ||
007.006 iya cantrik sapa milu marang ingwang | pun cantrik matur aris | kula tumut pêjah | kalih cantrik kang gêsang | tansah agunêm ki cantrik | lawan ki ajar | kasaru sri bupati ||
007.007 praptanira sang nata tan mawi bala | lan[3] ana kang tut wuri | amung ki apatya | ikang tan kêna têbah | angandika sri bupati | marang ki ajar | hèh apa ajar iki ||
007.008 aturira ki ajar puniku marga | ngandika sri bupati | tiba ngêndi ajar | gumuyu latah-latah | karsanira sri bupati | tiba ing jaja | măngsa iku nêdhasi ||
007.009 pan kewuhan sri nalendra angandika | apa sun ge matèni | ajar marang sira | ki ajar sira ngucap | dèn sabar sira nrêpati [[f. 38r]: nrê...pati] | matèni iwang | patrêm ingsun pribadi ||
007.010 anèng langgar patrêm buntung pan sumêlap | nulya pinundhut aglis | ginoco ki ajar | pasah sampun palastra | angandika sri bupati | cantrik sun tanya | sapa kang milu mati ||
45 dari 856

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.44. (kembali)
Lebih satu suku kata: gih kadya punapa. (kembali)
tan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.44, Pupuh 6.7.2). (kembali)