Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 170
442–443 dari 856
4.416–4.425 dari 8.560
096.017 radèn ayu tan pêgat anangis | atanapi pra garwa sêdaya | amlasasih sêsambate | dening tan ana banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan anginum banyu | dyan ayu matur ing raka | saha waspa paranta polah puniki | yèn awèt mêngkenea ||
096.018 sapa silih bisa anglakoni | nora ngumbe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna yayi mas dhingin | pirang bara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna apêrtapa | sun utusan ing mêngko bêngi mèt warih | radyan ayu lingira ||
096.019 paran margane bisa mèt warih | ngisor iki padha tinuguran | wong siji tan kêna mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora ngago boboting urip | pêksa jumênêng nata | wrat Jawa winêngku | mangke ta kadi punapa | polah dika durakane anututi | wong musuh kadang tuwa ||
096.020 pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika musuh wong liyan bêrayan | ing mêngko wus dadi ipe | apa baya tinêmu | mêmusuhan ing kakang aji | kang jamaking ajamak | darbe kadang sêpuh | yakti gêgêntine bapa | kang wong bênêr dununge sêmbah lan bêkti | gêgêntining mratuwa ||
096.021 Trunajaya lir kadya jinait | manahira tan kêna ngandika | têmah kumêbêng [[f. 388r]] waspane | ikang garwa rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | ing sang mindha puspita | sira kang sun rêbut | ing yuda takêr ludira | dasihêna pun Trunajaya mas gusti | tan lênggana ing karsa ||
096.022 misak-misak sang rêtna sarya ngling | lamun dika tan nuruti mring wang | kawularsa mudhun dhewe | marêk ing kakang prabu | nadyan silih manggiha pati | măngsa sun gumisira | yèn wus jangjinipun | igih watawis kawula | kakang prabu datan kolu amatèni | nadyan dhatêng andika ||
096.023 wus dilalah karsaning Yyang Widi | Trunajaya manahira gampang | marêngi praptèng jajine | anut ing garwanipun | Trunajaya lingira aris | dhuh mirah isun dewa | kang asih maring sun | gusti sira rumuhuna | umaraka ing kakangira dèn bakit | ngaturna pêjah gêsang ||
096.024 lan aturna gusti tobat mami | sira mangkata ing benjang enjang | yèn wis katur ing sang rajèng | dening sun nuli mudhun | ngaturakên pati lan urip | marang sri naranata | gantyaa winuwus | wontên wong Madura prapta | saking ngandhap mawi suratnya dipati | Cakraningrat kang paman ||
096.025 duta prapta srêngganing arga writ | lajêng tumamèng byantaranira | katur ing Trunajaya ge | tinampan suratipun | gya winaca sinukmèng ati | pèngêt bukaning surat | salam donganisun | Cakraningrat tumêkaa | nganak êmas sira ngandikan dèn aglis | ing Sang Prabu Mêngkurat ||
096.026 dening salahira ikang dhingin | kyèh kêdhike kabèh ingapura | isun kang nagung[1] dhèwèke | ing dukane sang prabu | maring sira amriha pati | iya manira [[f. 388v]: ma...nira] nyawa | alangêna besuk | anuwun ing umurira | yèn wis olih pikir mangsulana tulis | isun mapag ing sira ||
442–443 dari 856

 


1 nanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.40, Pupuh 96.26.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.26.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.26.3). (kembali)