Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 170
442 dari 856
4.411–4.420 dari 8.560
096.012 nanging sira sun wènèhi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | ing Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat umatur | saha sêmbah sandika aji | têtiyang ing Mandura | wus akèh kang rawuh | tanapi sêntananira | Cakraningrat wus kathah ikang angiring | wong Sampang myang Mandura ||
096.013 nulya bubar saking ngarsa aji | nahan kawarna Ki Trunajaya | Srêngganicala ênggène | sagarwa putranipun | Trunajaya syamining uni | putri saking Mataram | kêkalih pan kantun | duk bêdhahirèng Mataram | putri kalih binayong kinarya rabi | mring Prabu Trunajaya ||
096.014 akêkasih Dèwi Klatingkuning | Klatingbiru wastane kang tuwa | kang sampun dados garwane | kang anom pinarugul | dahat sang dyah tan angladèni | pan pinalaur pêjah | tan arsa salulut | lan narendra Trunajaya | dening sampun kakangira dadi rabi- | ning Prabu Trunajaya ||
096.015 salaminira nèng pucak ngardi | para garwa lakung kawlasarsa | tan bêtah norana ngumbe | kawulawarganipun | akèh migat kalaning wêngi | tan bêtah nora mangan | dadya milanipun | wadya litira lorodan | sabên wêngi migat tumurun nukul ing | Dipati Cakraningrat ||
096.016 samya ngaturakên pati urip | tan atahan nèng srêngganing [[f. 387v]] arga | kinêpung wakul ngisore | dening wadya Matarum | myang pasisir măncanêgari | miwah bala Wêlănda | atugur sor gunung | sêmana Dyan Trunajaya | lagya sira ginubêl ing para rabi | putri saking Mataram ||
096.017 radèn ayu tan pêgat anangis | atanapi pra garwa sêdaya | amlasasih sêsambate | dening tan ana banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan anginum banyu | dyan ayu matur ing raka | saha waspa paranta polah puniki | yèn awèt mêngkenea ||
096.018 sapa silih bisa anglakoni | nora ngumbe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna yayi mas dhingin | pirang bara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna apêrtapa | sun utusan ing mêngko bêngi mèt warih | radyan ayu lingira ||
096.019 paran margane bisa mèt warih | ngisor iki padha tinuguran | wong siji tan kêna mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora ngago boboting urip | pêksa jumênêng nata | wrat Jawa winêngku | mangke ta kadi punapa | polah dika durakane anututi | wong musuh kadang tuwa ||
096.020 pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika musuh wong liyan bêrayan | ing mêngko wus dadi ipe | apa baya tinêmu | mêmusuhan ing kakang aji | kang jamaking ajamak | darbe kadang sêpuh | yakti gêgêntine bapa | kang wong bênêr dununge sêmbah lan bêkti | gêgêntining mratuwa ||
096.021 Trunajaya lir kadya jinait | manahira tan kêna ngandika | têmah kumêbêng [[f. 388r]] waspane | ikang garwa rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | ing sang mindha puspita | sira kang sun rêbut | ing yuda takêr ludira | dasihêna pun Trunajaya mas gusti | tan lênggana ing karsa ||
442 dari 856