Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 170
443–444 dari 856
4.425–4.434 dari 8.560
096.026 dening salahira ikang dhingin | kyèh kêdhike kabèh ingapura | isun kang nagung[1] dhèwèke | ing dukane sang prabu | maring sira amriha pati | iya manira [[f. 388v]: ma...nira] nyawa | alangêna besuk | anuwun ing umurira | yèn wis olih pikir mangsulana tulis | isun mapag ing sira ||
096.027 lakung sukaning sajroning ati | Trunajaya mirsa nglinging surat | kang manah lakung asrêpe | tan kawarna ing dalu | enjangira arsa lumaris | nanging ta ikang garwa | kang kinèn karuwun | sarêng dutane kang paman | radèn ayu wus têdhak saking arga writ | tandhu titihanira ||
096.028 wadya Mandura samya jajari | tumbak binang amung kawan dasa | tandhu tinedhengan cindhe | sakathahe kang ngêpung | kagyat mulat kang aningali | nanging samya anêrka | lamun radèn ayu | garwane Ki Trunajaya | pan punika arine sri narapati | samya tinon kewala ||
096.029 tan kawarna lampahirèng nguni | radèn ayu praptèng pasanggrahan | akathah wadya kang dhèrèk | katur dhatêng sang prabu | risêdhêngnya sinawèng[2] dasih | kagyat duk praptanira | kang rayi cumundhuk | angaras pada mangrêpa | mring kang raka sang rêtna lara anangis | sarya tur pêjah gêsang ||
096.030 angandika jêng sri narapati | wus mênênga babo ariniwang | dèn narima ing tetahe | wus karsane Yyang Agung | lêlakone wakira yayi | balikan sun atanya | mring sira rènisun | ana ngêndi lakinira | lan kapriye ujude marang ing kami | dyan ayu atur sêmbah ||
096.031 abdi dalêm maksih anèng wukir | kang ingantos timbalan panduka | lampah kawula wiyose | kinèn atur panungkul | atur tobat dhatêng nrêpati | sang nata angandika | ya tarima isun [[f. 389r]: isu...n] | hèh wong Gandhèk lumakua | marang adhi Cakraningrat konên aglis | mapag ing Trunajaya ||
096.032 duta nêmbah lèsèr sing ngarsa ji | Cakraningrat sampun dhinawuhan | lan Suranata kanthine | tan kawarna ing ênu | lampahira sang adipati | prapta desa ing Ngantang | lajo maring luhur | utusannya Cakraningrat | wus apanggih lan Trunajaya tumuli | ingaturan tumêdhak ||
096.033 sigra budhal têdhak saking wukir | Trunajaya bêkta bêbongkokan | ginotong mugèng ngarsane | watawis pitung puluh | wadyanira ikang umiring | sadaya barundhulan | praptèng ngisor gunung | ingawe dhatêng kang paman | Trunajaya gêpah angaras padaning | kang paman Cakraningrat ||
096.034 gya rinangkul ing Sang Adipati | Cakraningrat alon angandika | babo anak isun radèn | sira seba ing ratu | dening mêntas wawan ing jurit | bêcik mawi pratăndha | iya putranisun | katonna têmênanira | Cakraningrat wadyanira dèn kêjèpi | anyêkêl Trunajaya ||
096.035 Trunajaya tan suwalèng kapti | pan sumăngga karsane kang paman | măngsa amriha dudune | Cakraningrat amuwus | putranisun aja kuwatir | kapanggiha pun bapa | dukane sang prabu | binănda cindhe puspita | Trunajaya nulya binêkta lumaris | budhal sing desa Ngantang ||
443–444 dari 856

 


1 nanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.40, Pupuh 96.26.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.26.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.26.3). (kembali)
2 siniwèng (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.29.5). (kembali)