Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96 dari 170
444–445 dari 856
4.437–4.446 dari 8.560
| 096.038 | lakung suka tyasira nrêpati | kinèn abaris prajuritira | sadaya samya ge-age | rakitan gurung-urung | agêgila kang lagya prapti | nulya glis ingandikan | Cakraningrat gupuh | malêbu ing pasanggrahan | Trunajaya osike sajroning ati | kaduwung polahira || |
| 096.039 | prapta ngarsane sri narapati | lênggah tumukul Ki Trunajaya | lir kojêm siti mukane | têngara munya gupuh | gumarudug syaraning bêdhil | Kodhokngorèk angakang | mriyêm ting jalêgur | tambur munya abarungan | Trunajaya lir kadya binayangkari | anglês ing manahira || |
| 096.040 | angandika jêng sri narapati | hèh bageya adhi Trunajaya | dèn kapara ngarsa kene | Trunajaya anuwun | saha sêmbah sumungkêm siti | nata malih ngandika | lan ubayanisun | adhi sira luwarana | iya isun nora duwe ujar kalih | ing mêngko tampanana || |
| 096.041 | dene isun dhingin wus ajangji | lawan sira yèn arjaning lampah | sira jaba sun jêrone | rat Jawa sun tan wêruh | darma bae dadi nrêpati | sira kang duwènana |[1] bangbang alum-alum [[f. 390r]: alum-a...lum] | sun apasrah marang sira | adhi Trunajaya isun tan ngawruhi | măngsa bodhoa sira || |
| 096.042 | Trunajaya sira tan atampi | sêmu dalêm wus ambal ping tiga | Trunajaya nuhun bae | Pangran Lamongan muwus | anambungi sêdda[2] nrêpati | hèh anak Trunajaya | pêgene sirèku | têka para tampanana | ngêndi ana satriya cidra ing jaji | kaya dudu prawira || |
| 096.043 | Trunajaya sandika nuwun sih | sri narendra alon angandika | padha sêksènana kabèh | luware jangjinisun | adhi Trunajaya sun srahi | ngrat Jawa wus kalakyan | iku kaul isun | hèh ta adhi Trunajaya | kari siji kang durung isun luwari | duk isun anèng Têgal || |
| 096.044 | isun adhi aduwe punagi | mêngko adhi sira luwarana | kêrisku Si Blabar kiye | alawas tan sumarung | iya nora isun sarungi | yèn durung anyarunga | adhi ing jajamu | sigra sang para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi | sang nata nulya têdhak || |
| 096.045 | saking dhêdhampar amarêpêki | Trunajaya ginoco jajanya | anêrus ing walikate | ludiranya sumêmbur | ya ta wontên kapêdhak lami | aran Ki Ăntagopa | nututi anuduk | grahita sagung pugawa | sigra sagung bupati samya nuduki | ajur kuwandanira || |
| 096.046 | Prabu Mêngkurat asru dènnya ngling | hèh sakèhe pra pugawaniwang | padha nguntala atine | sigra sami rinêbut | dening sagung para dipati | atine Trunajaya | kaduman nyawuku | mustakanya wus tinigas | nulya katur sinandhing tan kêna têbih | tansah sandhaping dhampar || |
| 096.047 | ya ta wontên êmbane sawiji | wong Mandura agêng [[f. 390v]] tur adawa | Ki Sêtyagora wastane | kêdah abela lampus | wus binănda katur ing aji | dinangu ing sang nata | Sêtyagora wau | mring ngêndi eyang Kajoran | Sêtyagora umatur saha wotsari | kesah mring sunya sirna || |
444–445 dari 856
| 1 | Gatra ke-6 (7a) ini tertulis dua kali. (kembali) |
| 2 | sabda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.42, Pupuh 96.42.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.42.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.42.5). (kembali) |