Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96 dari 170
445–446 dari 856
4.443–4.452 dari 8.560
| 096.044 | isun adhi aduwe punagi | mêngko adhi sira luwarana | kêrisku Si Blabar kiye | alawas tan sumarung | iya nora isun sarungi | yèn durung anyarunga | adhi ing jajamu | sigra sang para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi | sang nata nulya têdhak || |
| 096.045 | saking dhêdhampar amarêpêki | Trunajaya ginoco jajanya | anêrus ing walikate | ludiranya sumêmbur | ya ta wontên kapêdhak lami | aran Ki Ăntagopa | nututi anuduk | grahita sagung pugawa | sigra sagung bupati samya nuduki | ajur kuwandanira || |
| 096.046 | Prabu Mêngkurat asru dènnya ngling | hèh sakèhe pra pugawaniwang | padha nguntala atine | sigra sami rinêbut | dening sagung para dipati | atine Trunajaya | kaduman nyawuku | mustakanya wus tinigas | nulya katur sinandhing tan kêna têbih | tansah sandhaping dhampar || |
| 096.047 | ya ta wontên êmbane sawiji | wong Mandura agêng [[f. 390v]] tur adawa | Ki Sêtyagora wastane | kêdah abela lampus | wus binănda katur ing aji | dinangu ing sang nata | Sêtyagora wau | mring ngêndi eyang Kajoran | Sêtyagora umatur saha wotsari | kesah mring sunya sirna || |
| 096.048 | Sêtyagora nulya dèn pêjahi | kawarnaa Jangrana kang prapta | miwah Ki Ănggajayane | ngandikan kalihipun | praptèng ngarsa sarêng ngabêkti | sang nata angandika | nusula anuduk | ing bathange Trunajaya | atur sêmbah sandika anarik kêris | Jangrana Ănggajaya || |
| 096.049 | kunarpane sampun awor siti | cinacah-cacah dening Jangrana | tanapi Ănggajayane | karo wêwêdhak marus | suka ring tyasira nrêpati | kondur amasanggrahan | mustaka tan kantun | cinangking dening pawongan | mugèng ngarsa lan nata tan kêna têbih | binêktèng pasareyan || |
| 096.050 | ya ta rinira sri narapati | Dyan Ayu Trunajaya miyarsa | kalara-lara tangise | dhuh lae kakang prabu | bok iyaa awlas ing kami | dening wus atur tobat | kongsi têkèng lampus | manira dèn ilokêna | sang juwita sêmana dipun sakiti | awlas ikang tumingal || |
| 096.051 | dadya kèndêl tangisnya sang dèwi | arka wus nitih udayaning cala |[1] sri narendra mugah sare | mustaka dangtan[2] kantun | kinarya kêkèsèd padaning | singa-singa anendra | kêkèsèd puniku | ing sirahe Trunajaya | para sêlir miwah kang parêkan alit | tan kêna kaliwatan || |
| 096.052 | tan kawarna solahirèng latri | mijil yyang arka sri naradipa | miyos sinawèng wadyane | angandika sang prabu | dhatêng lurahing [[f. 391r]: lurah...ing] para nyai | samya kinèn bêbêka | mustakane wau | Trunajaya jroning lumpang | ya ta sampun pra sêlir myang para nyai | ambêbêk kang mustaka || |
| 096.053 | dangu sineba sri narapati | angandika mring sakèhing wadya | hèh padha pirsakna kabèh | sakyèh kawulanisun | yèn Si Lêmbu[3] Si Buwang iki | sun jujung têka ngandhap | sun sêngkakkên luhur | karo sun karya wêdana | wong Bumija Si Lêmbu Makuyudèki | Si Buwang Natayuda || |
445–446 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawarnaa wus surup Hyang Arka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.2); kawarnaa wus surup kang surya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.2). (kembali) |
| 2 | datan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.43, Pupuh 96.51.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.4). Bandingkan: dagan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.4). (kembali) |
| 3 | Catatan: nga lelet dan pepet. (kembali) |