Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96–97 dari 170
445–446 dari 856
4.447–4.456 dari 8.560
096.048 Sêtyagora nulya dèn pêjahi | kawarnaa Jangrana kang prapta | miwah Ki Ănggajayane | ngandikan kalihipun | praptèng ngarsa sarêng ngabêkti | sang nata angandika | nusula anuduk | ing bathange Trunajaya | atur sêmbah sandika anarik kêris | Jangrana Ănggajaya ||
096.049 kunarpane sampun awor siti | cinacah-cacah dening Jangrana | tanapi Ănggajayane | karo wêwêdhak marus | suka ring tyasira nrêpati | kondur amasanggrahan | mustaka tan kantun | cinangking dening pawongan | mugèng ngarsa lan nata tan kêna têbih | binêktèng pasareyan ||
096.050 ya ta rinira sri narapati | Dyan Ayu Trunajaya miyarsa | kalara-lara tangise | dhuh lae kakang prabu | bok iyaa awlas ing kami | dening wus atur tobat | kongsi têkèng lampus | manira dèn ilokêna | sang juwita sêmana dipun sakiti | awlas ikang tumingal ||
096.051 dadya kèndêl tangisnya sang dèwi | arka wus nitih udayaning cala |[1] sri narendra mugah sare | mustaka dangtan[2] kantun | kinarya kêkèsèd padaning | singa-singa anendra | kêkèsèd puniku | ing sirahe Trunajaya | para sêlir miwah kang parêkan alit | tan kêna kaliwatan ||
096.052 tan kawarna solahirèng latri | mijil yyang arka sri naradipa | miyos sinawèng wadyane | angandika sang prabu | dhatêng lurahing [[f. 391r]: lurah...ing] para nyai | samya kinèn bêbêka | mustakane wau | Trunajaya jroning lumpang | ya ta sampun pra sêlir myang para nyai | ambêbêk kang mustaka ||
096.053 dangu sineba sri narapati | angandika mring sakèhing wadya | hèh padha pirsakna kabèh | sakyèh kawulanisun | yèn Si Lêmbu[3] Si Buwang iki | sun jujung têka ngandhap | sun sêngkakkên luhur | karo sun karya wêdana | wong Bumija Si Lêmbu Makuyudèki | Si Buwang Natayuda ||
096.054 sri narendra angandika malih | Nrangkusuma padha undhangana | isun arsa bubar mulèh | mring Surabaya ngujung | Radèn Anrangkusuma bêkti | gya Pangran Cakraningrat | anêmbah umatur | kawula atur jarahan | saking Ngantang brana kalawan pawèstri | kaatura ngasmara ||
97. Asmaradana
[Sinuhun Giri boten marengaken menawi sunan Mengkurat badhé nguwaosi tanah Jawi. Sihunun[4] Giri dipunsédani.[5]]
097.001 gya kondur sri narapati | manjing dalêm pasanggrahan | ing dalu dandan punang wong | enjangira kawarnaa | sigra nêmbang têngara | syaranya umyang gumuruh | kadya ombaking samodra ||
097.002 budhal sang sri narapati | saking pasanggrahan Payak | untabing wadya agalong | anglarug bala pangarsa | asri tataning lampah | wadya pasisir nèng ngayun | ing wuri măncanêgara ||
097.003 kang wadyabala Kumpêni | tan atêbah lan sang nata | samarga gumêr tambure | sira Tumênggung Jangrana | kang mugèng ngarsa pisan | adangu lamun winuwus | ing marga sri naranata ||
445–446 dari 856

 


1 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawarnaa wus surup Hyang Arka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.2); kawarnaa wus surup kang surya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.2). (kembali)
2 datan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.43, Pupuh 96.51.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.4). Bandingkan: dagan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.4). (kembali)
3 Catatan: nga lelet dan pepet. (kembali)
4 Sinuhun. (kembali)
5 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.44. (kembali)