Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
96 dari 170
441–442 dari 856
4.403–4.412 dari 8.560
096.004 sri narendra angandika aris | ampirana adhi Cakraningrat | anèng Lodhaya ênggone | konên seba maringsun | Ki Jangrana sigra wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lan sabalanipun | lan Wêlănda sabragada | tan winarna ing marga lampahira glis | prapta ngalas Lodheya[1] ||
096.005 kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhaya | Trunajaya pênggawene | puniku pamanipun | mila datan kolu matèni | marmanya pinilara | nèng têngah wana gung | sêdyane Ki Trunajaya | ikang paman matia pinangan bêlis | nanging karsaning Sukma ||
096.006 Cakraningrat [[f. 386v]: Cakraningra...t] pan maksih basuki | nèng Lodhaya sampun amiyarsa | Trunajaya kaburune | pangran dipati rawuh | ing Kadhiri wus madêg aji | sira Ki Cakraningrat | asrêp manahipun | angrasa kalamun gêsang | wus adadan lan sarayatira sami | arsa seba mring Payak ||
096.007 enjing mangkat lan saanak rabi | Cakraningrat lakung kawlasarsa | lir wong rèrèna lampahe | sêmana duk kapêthuk | gêgamane wong Surawèsthi | kagyat ing tyas mu[2] maras | mulat gaman agung | anêrka yèn Trunajaya | dangu mandhêg nulya mulat ing Walandi | sigra laju lumampah ||
096.008 lan Tumênggung Jangrana gya panggih | Cakraningrat rinangkul sêksana | adhuh kakang sokur bage | kapapag ing dalagung | lan kawula kapasang yogi | dika kang ngandikan |[3] dening jêng sang prabu | masanggrahan anèng Payak | Cakraningrat sandika aturnya gipih | nulya ukur-ukuran ||
096.009 laju lampahe Jangrana aglis | nulya prapta nagri Pasuruhan | nêngna Jangrana lampahe | gêntia kang winuwus | wong Makasar midhangêt warti | yèn badhe dipun langgar | mudhun saking gunung | sarewangnya gêgancangan | kang sinêdya nabrang dhatêng nagri Bali | sakèh wadya Mêkasar ||
096.010 sapraptane pasisir wus ngambil | palya lajêng anabrang samodra | nahan Jangrana lampahe | wong Pasuruhan suyud | datan ana sawalèng kapti | marang Ki Ănggajaya | kalakung sêsugun | Jangrana tumulya bubar | saking nagri Pasuruhan sawadyaning | kawarna Cakraningrat [[f. 387r]] ||
096.011 sapraptane pakuwon nêrpati | risêdhêngnya sinewa ing wadya | kang prapta ngandikan age | Cakraningrat macundhuk | mangaras ing pada anangis | nata ris angandika | mênênga ja muhun | wus panggih padha waluya | nagrinira Madura sun wèhkên maning | ing mêngko tampanana ||
096.012 nanging sira sun wènèhi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | ing Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat umatur | saha sêmbah sandika aji | têtiyang ing Mandura | wus akèh kang rawuh | tanapi sêntananira | Cakraningrat wus kathah ikang angiring | wong Sampang myang Mandura ||
096.013 nulya bubar saking ngarsa aji | nahan kawarna Ki Trunajaya | Srêngganicala ênggène | sagarwa putranipun | Trunajaya syamining uni | putri saking Mataram | kêkalih pan kantun | duk bêdhahirèng Mataram | putri kalih binayong kinarya rabi | mring Prabu Trunajaya ||
441–442 dari 856

 


1 Lodhaya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.4.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.4.10). (kembali)
2 smu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.38, Pupuh 96.7.6). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: jêngandika ngandikan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.8.6); dika kakang ngandikan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.8.6). (kembali)