Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96 dari 170
441–442 dari 856
4.406–4.415 dari 8.560
| 096.007 | enjing mangkat lan saanak rabi | Cakraningrat lakung kawlasarsa | lir wong rèrèna lampahe | sêmana duk kapêthuk | gêgamane wong Surawèsthi | kagyat ing tyas mu[1] maras | mulat gaman agung | anêrka yèn Trunajaya | dangu mandhêg nulya mulat ing Walandi | sigra laju lumampah || |
| 096.008 | lan Tumênggung Jangrana gya panggih | Cakraningrat rinangkul sêksana | adhuh kakang sokur bage | kapapag ing dalagung | lan kawula kapasang yogi | dika kang ngandikan |[2] dening jêng sang prabu | masanggrahan anèng Payak | Cakraningrat sandika aturnya gipih | nulya ukur-ukuran || |
| 096.009 | laju lampahe Jangrana aglis | nulya prapta nagri Pasuruhan | nêngna Jangrana lampahe | gêntia kang winuwus | wong Makasar midhangêt warti | yèn badhe dipun langgar | mudhun saking gunung | sarewangnya gêgancangan | kang sinêdya nabrang dhatêng nagri Bali | sakèh wadya Mêkasar || |
| 096.010 | sapraptane pasisir wus ngambil | palya lajêng anabrang samodra | nahan Jangrana lampahe | wong Pasuruhan suyud | datan ana sawalèng kapti | marang Ki Ănggajaya | kalakung sêsugun | Jangrana tumulya bubar | saking nagri Pasuruhan sawadyaning | kawarna Cakraningrat [[f. 387r]] || |
| 096.011 | sapraptane pakuwon nêrpati | risêdhêngnya sinewa ing wadya | kang prapta ngandikan age | Cakraningrat macundhuk | mangaras ing pada anangis | nata ris angandika | mênênga ja muhun | wus panggih padha waluya | nagrinira Madura sun wèhkên maning | ing mêngko tampanana || |
| 096.012 | nanging sira sun wènèhi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | ing Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat umatur | saha sêmbah sandika aji | têtiyang ing Mandura | wus akèh kang rawuh | tanapi sêntananira | Cakraningrat wus kathah ikang angiring | wong Sampang myang Mandura || |
| 096.013 | nulya bubar saking ngarsa aji | nahan kawarna Ki Trunajaya | Srêngganicala ênggène | sagarwa putranipun | Trunajaya syamining uni | putri saking Mataram | kêkalih pan kantun | duk bêdhahirèng Mataram | putri kalih binayong kinarya rabi | mring Prabu Trunajaya || |
| 096.014 | akêkasih Dèwi Klatingkuning | Klatingbiru wastane kang tuwa | kang sampun dados garwane | kang anom pinarugul | dahat sang dyah tan angladèni | pan pinalaur pêjah | tan arsa salulut | lan narendra Trunajaya | dening sampun kakangira dadi rabi- | ning Prabu Trunajaya || |
| 096.015 | salaminira nèng pucak ngardi | para garwa lakung kawlasarsa | tan bêtah norana ngumbe | kawulawarganipun | akèh migat kalaning wêngi | tan bêtah nora mangan | dadya milanipun | wadya litira lorodan | sabên wêngi migat tumurun nukul ing | Dipati Cakraningrat || |
| 096.016 | samya ngaturakên pati urip | tan atahan nèng srêngganing [[f. 387v]] arga | kinêpung wakul ngisore | dening wadya Matarum | myang pasisir măncanêgari | miwah bala Wêlănda | atugur sor gunung | sêmana Dyan Trunajaya | lagya sira ginubêl ing para rabi | putri saking Mataram || |
441–442 dari 856
| 1 | smu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.38, Pupuh 96.7.6). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jêngandika ngandikan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.8.6); dika kakang ngandikan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.8.6). (kembali) |