Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 170
449 dari 856
4.481–4.490 dari 8.560
097.028 sru duka sri narapati | Judhipati Jagasura | lan kang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi [[f. 393r]] Singasêkar | sinasog ing watang gajur | lêmbing busur myang sarampang ||
097.029 nanging tan ana nêdhasi | ing Rahadèn Singasêkar | kalakung-lakung têguhe | wus liwung pangamukira | kang kapapag palastra | sumyur wadyane sang prabu | Judhipati Jagasura ||
097.030 wong Kanoman akèh mati | tanapi wong Jagasura | wong Kumpêni kathah longe | sru duka sri naranata | arsa ngawaki yuda | gya Pangeran Adilangu | Panêmbahan Natapraja ||
097.031 umatur dhatêng nrêpati | agèr sampun mangsah ing prang | yèn taksih ikang mêngkene | nulya Pangran Natapraja | angagêm pangawinan | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga ||
097.032 sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | sangêt wuru pangamuke | Panêmbahan Natapraja | wus mara dhatêng ngarsa | sarêng adulu-dinulu[1] | Radèn Singasari mojar ||
097.033 sira iki wong punapi | wus dhawuk pêksa sudira | lungaa aja na kono | mêngko sira sun sêsêmpal | Pangeran Natapraja | pangandikanira arum | hèh pantèn sira mandhêga ||
097.034 sira Radèn Singasari | bramatya agigit waja | nulya anêrajang age | tinadhahan ing talêmpak | jajanya nrus walikat | sira Radèn Singasantun | aniba lajêng palastra ||
097.035 Singasari mati ligih | maksih angawêt lathinya | curigane maksih lèngkèt | ukiran maksih nèng asta | datan kêna binênggang | gawok sakyèh kang andulu | amral gèbèg-gèbèg mulat [[f. 393v]: mula...t] ||
097.036 sira pangeran ing Giri | katur ing nata bêbandan | anulya kinèn anglawe | Pangeran Giri wus pêjah | Kalamunyêng curiga | sêmana sampun pinundhut | gya budhal sri naranata ||
097.037 gumuruh lampahing baris | ing marga datan winarna | prapta ing Surabaya ge | sang nata amasanggrahan | wêtara sapta dina | wadya ingundhangan sampun | yèn sang nata arsa budhal ||
449 dari 856

 


1 andulu-dinulu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.46, Pupuh 97.32.6). (kembali)