Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
97 dari 170
448–449 dari 856
4.473–4.482 dari 8.560
| 097.020 | wong pasisir anadhahi | tanapi măncanêgara | wong Giri rêmpêg pêrange | tinadhahan ing ngakathah | binendrong kang sênjata | Kumpêni pangêdrèlipun [[f. 392v]: pa...ngêdrèlipun] | tibaning mimis lir udan || |
| 097.021 | anusup kukusing bêdhil | wong Giri pangamukira | wong pasisir akèh longe | tanapi măncanêgara | kang mundur nandhang brana | para dipati umagut | sami ngawaki ngayuda || |
| 097.022 | aran Radèn Singasari | sêntana ing Giripura | lakung prawira tandange | wong pasisir bubar-bubar | ingamuk kathah pêjah | kalakung duka sang prabu | angatag para prawira || |
| 097.023 | hèh maraa wong Kumpêni | kadar pira wong ing Arga | urugana bêdhil akèh | saksana parêng umangsah | Bugis lawan Makasar | Ambon Tarnete gya maju | tinindhihan ing Wêlănda || |
| 097.024 | miwah sagunging bupati | umangsah sawadyakosya | rusak wong Giripurane | kang prawira kèh palastra | linambung kering kanan | wong Sampang sarêng angamuk | tanapi wong Surabaya || |
| 097.025 | gègèr kawula lit Giri | wong Surabaya umigah | wong Giri sumaur kabèh | dening praja kalêbêtan | sira Pangeran Ngarga | saksana cinêpêng gupuh | dening sang para dipatya || |
| 097.026 | ya ta Radèn Singasari | aningali ikang paman | binayang dening wong akèh | aglis nulya bucal watang | ngamuk karo curiga | singa katarajang lampus | dening Radèn Singasêkar || |
| 097.027 | para dipatya nadhahi | sinasog ing ganjur atap | lir panjang putra pamine | sinasog ing alang-alang | malèsèd tan tumama | giris kang samya andulu | angusi ing sri narendra || |
| 097.028 | sru duka sri narapati | Judhipati Jagasura | lan kang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi [[f. 393r]] Singasêkar | sinasog ing watang gajur | lêmbing busur myang sarampang || |
| 097.029 | nanging tan ana nêdhasi | ing Rahadèn Singasêkar | kalakung-lakung têguhe | wus liwung pangamukira | kang kapapag palastra | sumyur wadyane sang prabu | Judhipati Jagasura || |
448–449 dari 856