Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 170
448–449 dari 856
4.476–4.485 dari 8.560
097.023 hèh maraa wong Kumpêni | kadar pira wong ing Arga | urugana bêdhil akèh | saksana parêng umangsah | Bugis lawan Makasar | Ambon Tarnete gya maju | tinindhihan ing Wêlănda ||
097.024 miwah sagunging bupati | umangsah sawadyakosya | rusak wong Giripurane | kang prawira kèh palastra | linambung kering kanan | wong Sampang sarêng angamuk | tanapi wong Surabaya ||
097.025 gègèr kawula lit Giri | wong Surabaya umigah | wong Giri sumaur kabèh | dening praja kalêbêtan | sira Pangeran Ngarga | saksana cinêpêng gupuh | dening sang para dipatya ||
097.026 ya ta Radèn Singasari | aningali ikang paman | binayang dening wong akèh | aglis nulya bucal watang | ngamuk karo curiga | singa katarajang lampus | dening Radèn Singasêkar ||
097.027 para dipatya nadhahi | sinasog ing ganjur atap | lir panjang putra pamine | sinasog ing alang-alang | malèsèd tan tumama | giris kang samya andulu | angusi ing sri narendra ||
097.028 sru duka sri narapati | Judhipati Jagasura | lan kang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi [[f. 393r]] Singasêkar | sinasog ing watang gajur | lêmbing busur myang sarampang ||
097.029 nanging tan ana nêdhasi | ing Rahadèn Singasêkar | kalakung-lakung têguhe | wus liwung pangamukira | kang kapapag palastra | sumyur wadyane sang prabu | Judhipati Jagasura ||
097.030 wong Kanoman akèh mati | tanapi wong Jagasura | wong Kumpêni kathah longe | sru duka sri naranata | arsa ngawaki yuda | gya Pangeran Adilangu | Panêmbahan Natapraja ||
097.031 umatur dhatêng nrêpati | agèr sampun mangsah ing prang | yèn taksih ikang mêngkene | nulya Pangran Natapraja | angagêm pangawinan | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga ||
097.032 sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | sangêt wuru pangamuke | Panêmbahan Natapraja | wus mara dhatêng ngarsa | sarêng adulu-dinulu[1] | Radèn Singasari mojar ||
448–449 dari 856

 


1 andulu-dinulu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.46, Pupuh 97.32.6). (kembali)