Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 170
446–447 dari 856
4.455–4.464 dari 8.560
097.002 budhal sang sri narapati | saking pasanggrahan Payak | untabing wadya agalong | anglarug bala pangarsa | asri tataning lampah | wadya pasisir nèng ngayun | ing wuri măncanêgara ||
097.003 kang wadyabala Kumpêni | tan atêbah lan sang nata | samarga gumêr tambure | sira Tumênggung Jangrana | kang mugèng ngarsa pisan | adangu lamun winuwus | ing marga sri naranata ||
097.004 praptèng nagri Surabanggi | masanggrahan saha wadya | sri naradipa enjinge | angujung Ngampèl astana | ikang darbe rêrêksan | wong Surabaya wong sèwu | nênggih Pangeran Lamongan ||
097.005 sêmana sri narapati [[f. 391v]] | angutus ing Mangunjaya | maringa Giri dèn age | aturêna sêmbah iwang | isun dèn idènana | panjênênganisun ratu | amêngku rat tanah Jawa ||
097.006 lan kêris wasiyat Giri | iku kang sira suhuna | Ki Kalamunyêng arane | Ki Mangunjaya anêmbah | lèngsèr saking ngayunan | lampahira tan winuwus | prapta praja Giripura ||
097.007 panggih lan Pangera[1] Giri | sira wau Mangunjaya | mangrêpa ngaras padane | kawula dinutèng nata | Jêng Suhunan Mêngkurat | nuhun idi sang awiku | tuwan ikang ngastrènana ||
097.008 ngandika Sinuhun Giri | kang jumênêng Amangkungrat[2] | isun takon sabênêre | hèh iya turune sapa | arsa ngrata rat Jawa | yèn anake amral iku | sun tan arsa ngidènana ||
097.009 lamun wijiling Matawis | kang nama Sunan Mêngkurat | isun idèni jênênge | jêr iku kang duwe tanah | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni isun | Mangunjaya matur dora ||
097.010 kawula botên udani | wijile Sunan Mêngkurat | ilok-iloking wong akèh | dening prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartine misuwur | igih anake wong sabrang ||
097.011 pun amral ikang ngêmbani | jumênêng ing tanah Jawa | Pangeran Giri dêlinge | hèh Mangunjaya muliha | isun tan arsa seba | Ki Kalamunyêng pinundhut | tan awèh Pangeran Ngarga ||
446–447 dari 856

 


1 Pangeran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.44, Pupuh 97.7.1). (kembali)
2 Amangkurat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 30.8.2). (kembali)