Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97–98 dari 170
450–451 dari 856
4.492–4.501 dari 8.560
097.039 sêmana sri narapati | budhal saking Surabaya | anglarug ngilèn lampahe | gumêrah syaraning bala | saênggèn masanggrahan | Amral Hèlduwèlbèh tumut | sawadya mêdal dharatan ||
097.040 kasukan samargi-margi | sang nata sawadyanira | suka manahe punang wong | sagung kang para dipatya | pasisir ing bang wetan | samya bêkta garwanipun | samarga lir guladrawa ||
98. Dhandhanggula
[Sunan Mengkurat Mataram angréka kedhaton wonten Wanakarta, negari Mataram kaelih nama Kartasura Adiningrat. Sunan Ingalaga (pangeran Puger) ingkang ngadhaton ing Plèrèd badhé ngraman dhateng Kartasura.[1]]
098.001 tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Garobogan | anjog Sêmarang karsane | nêngna ikang lumaku | wontên ikang kocapa malih | Ki Buyut Kalaweyan | wau kang winuwus | lan anake Mêrtanaya | duk sinuhun bubare saking ing Têgil | alayar mring Japara ||
098.002 Kalaweyan lan anake sami | migah anèng têngahing lautan | akathah atur-ature | duryan lawan kapundhung | myang pijêtan nanas lan manggis | pêlêm salak [[f. 394r]: sala...k] lan năngka | sêmăngka lan timun | sang nata nuju kasatan | Mêrtanaya suguhnya katur ing aji | lakung dening pêrcaya ||
098.003 duk kadhahar suguhirèng nguni | sri narendra angraos kajasad | nulya wuwuh timbalane | tarima têmên isun | benjang lamun nêmu basuki | mênang gènisun aprang | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | mêngkana dika nata ||
098.004 mangkya Mêrtanaya myarsa warti | lamun sinuhun mênang ayuda | rawuh Sêmarang badhene | Ki Laweyan amêthuk | myang sutanya Martanayèki | kawarnaa sang nata | lampahira rawuh | sawadya nagri Sêmarang | masanggrahan Ki Kalaweyan sumiwi | lawan tênayanira ||
098.005 wus tumamèng pasanggrahan aglis | risêdhêngnya sang nata sineba | kagyat mulat duk praptane | Mêrtanaya andhêku | maangrêpa lingnya sang aji | hèh sira Mêrtanaya | bagea sirèku | tur sêmbah Ki Mêrtanaya | sampun katur sêsuguhira sri-asri | nata ris angandika ||
098.006 Kalaweyan anakira iki | isun pundhut ya Si Mêrtanaya | sun arsa amalês sihe | sun jujung kang lêluguh | aduwea nagri Sêmawis | anama adipatya | sun wèhi jêjuluk | Mas Răngga Yudanêgara | Kalaweyan sujud sumungkêm ing siti | lakung panuhunira ||
098.007 kang pugawa sadaya ngastrèni | ing Mêrtanaya dadi bupatya | Yudanêgara wastane | apan sampun misuwur | kapatêdhan nagri Sêmawis [[f. 394v]] | mêngkana sang sri nata | sineba wadya gung | arêmbag pêrnahing kitha | sri narendra tan arsa kitha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah ||
098.008 yèn suwawi ngadhaton ing Tikir | datan arsa wau sri narendra | pun Wirawidigda ture | yèn karsa jêng sang prabu | sêsukuning Ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri naradipa tan arsa | Ki Urawan umatur sarya wotsari | gusti ing Wanakarta ||
450–451 dari 856

 


1 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.48. (kembali)