Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 170
447–448 dari 856
4.462–4.471 dari 8.560
097.009 lamun wijiling Matawis | kang nama Sunan Mêngkurat | isun idèni jênênge | jêr iku kang duwe tanah | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni isun | Mangunjaya matur dora ||
097.010 kawula botên udani | wijile Sunan Mêngkurat | ilok-iloking wong akèh | dening prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartine misuwur | igih anake wong sabrang ||
097.011 pun amral ikang ngêmbani | jumênêng ing tanah Jawa | Pangeran Giri dêlinge | hèh Mangunjaya muliha | isun tan arsa seba | Ki Kalamunyêng pinundhut | tan awèh Pangeran Ngarga ||
097.012 Mangunjaya anulya mit | ing pangran lampahnya egal | prapta ing Surabaya ge | marêk ing sang sinewaka | Mangunjaya tur sêmbah | gusti ing Giri angrêgu | gêgaman nêdya abăngga [[f. 392r]] ||
097.013 dahat tan arsa ngidèni | panjênêngan dalêm nata | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba botên anêdya | jêng susunan garjita | yèn wis karsane Yyang Agung | tan ana sinigahana ||
097.014 sang nata ngandika runtik | akèn anêmbang têngara | ing Giri sun tindakane | sigra kang para dipatya | anata barisira | wadya Kumpêni wus kumpul | bubar sang sri naradipa ||
097.015 sumahab lampahing baris | gêgaman awarna-warna | lir samodra rob untabe | ginêlak lampahing bala | tan kawarna ing marga | ing Garêsik nulya rawuh | sang nata amasanggrahan ||
097.016 kawarna Pangeran Giri | sampun ingaturan wikan | yèn linurugan prajane | dening Susunan Mêngkurat | sigra Pangeran Ngarga | pinêpêk sêntananipun | myang kêtib modin sadaya ||
097.017 samya nêdya aprang sabil | sêntana ing Giripura | gya anata gêgamane | kawarna sri naranata | enjang nêmbang têngara | ing Giripura kinêpung | ing wadya tanpa wilangan ||
097.018 măncanêgara pasisir | tanapi Kumpêni aglar | sarêng andhêsêk barise | ing Giri wus binêdhilan | nanging tan ana mêdal | abaris pêndhêm sang wiku | mêmpên nèng kitha kewala ||
447–448 dari 856