Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
98 dari 170
452–453 dari 856
4.519–4.528 dari 8.560
| 098.026 | Pangran Natakusuma turnya ris | adhuh anggèr suwawi aseba | mohal yèn agawe-gawe | dening pasisir suyud | yèn dedea raka ta gusti | Măndhalika tur sêmbah | pan dede puniku | dening awarni Wêlănda | saking bisa-bisane tiyang Kumpêni | tan kêna linambanan || |
| 098.027 | angandika Jêng Sri Narapati | Natakusuma sira sun duta [[f. 396v]] | anêlika sayêktine | lan Si Natabratèku | ya milua dadia kathi[1] | iku waspadèng marga | kalihnya wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata kang lumaris | budhal sawadyanira || |
| 098.028 | kawarnaa dutanya Nrêpati | Kartasura Pangalasan prapta | lajêng tumamèng ngarsa ge | sang duta nêmbah matur | amba tuwan duta wus prapti | praja dalêm Mataram | ikang madêg ratu | rayi panduka narendra | kang jumênêng sunan nêgari Matawis | datan arsa aseba || |
| 098.029 | andikane rayi panduka ji | kawula kinèn angruwunana | lagya pinikir wurine | kocapa kang lumaku | duta ing Kalagan kêkalih | Pangran Natakusuma | Dyan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | risêdhêngnya sang nata miyos tinangkil | andhèr kang wadyakosya || |
| 098.030 | ikang mugèng ngarsa sri bupati | Radèn Dipati Anrangkusuma | pratiwa pasisir kabèh | pugawa anung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng Binarong Suranatèki | Makuyuda Bumija || |
| 098.031 | Natayuda jajarnya aligih | kang sineba pinarak dhêdhampar | miwah Amral Hèlduwèlbèh | kabèh pra pêsiripun | winarêgan boga lan bukti | bêras bêrambang bawang | ayam lawan lêmbu | sang nata jêkar ngadhatyan | aparentah samya siyaga ngajurit | ing sagunging dipatya || |
| 098.032 | pan sadaya samya bubar mulih | kawarnaa wau ikang prapta | Pangran Natakusumane [[f. 397r]] | lan Natabrata rawuh | Nrangkusuman atur udani | wadya ing Nrangkusuman | matur gustinipun | yèn wontên utusan prapta | saking nagri Mataram ingkang wêwangi | Pangran Natakusuma || |
| 098.033 | Radèn Natabrata kang satugil | sigra Rahadèn Anrangkusuma | têdhak ing palatarane | wus ingaturan masuk | Pangran Natakusuma aglis | lan Radèn Natabrata | saksana acundhuk | lan Radèn Anrangkusuma | ing mandhapa gènira tata aligih | lingnya Natakusuma || |
| 098.034 | prapta kawula yayi tinuding | dening agèr Susunan Ngalaga | kinèn mariksa yêktine | jêng susunan kang rawuh | drêsing warti saking Matawis | yèn anakipun amral | kang jumênêng ratu | angaku ing tanah Jawa | mila agèr tan arsa cundhuk mariki | arsa amapag ing prang || |
| 098.035 | lamun èstu kang raka nrêpati | manira ge kinèn awangsula | agèr aseba marene | radèn patih gumuyu | yèn èstua ikang pawarti | ratu anaking amral | mohal awak isun | puruna ngabdi Wêlănda | yèn mêkatên kakang kawula tur uning | dhatêng sri naradipa || |
452–453 dari 856
| 1 | kanthi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.50, Pupuh 98.27.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.27.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.27.5). (kembali) |