Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 170
452–453 dari 856
4.515–4.524 dari 8.560
098.022 lagya eca gènnya gunêm kawis | kasaru wau duta kang prapta | jumêrajog ing ngarsane [[f. 396r]] | mundhi surat gya katur | tinampanan dening nrêpati | pèngêt bukaning surat | salam donganisun | Jêng Susuhunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga Ngabdurahmani | Sayid Panatagama ||
098.023 dhumawuha ngadhimas Dipati | Pugêr ikang madêg natèng Nglaga | ikang ngadhaton Pêlèrèd | sah salam donganisun | hèh adhimas sun awèh uning | prakara musuhira | kang ngrusak Matarum | Si Trunajaya wus pêjah | wonge tumpês anadene isun yayi | ngadhaton bumi Pajang ||
098.024 Wonakarta kang isun bakali | sira yayi praptaa dèn egal | isun ngantèni dhèwèke | akaryaa kadhatun | kang prayoga surat wus titi | duta sira muliha | sun pikire pukur | kalawan pugawaniwang | duta nêmbah lumèsèr saking ngarsa ji | lampahe sêsandêran ||
098.025 saukure duta gunêm kawis | Sang Sri Naradipa Ingalaga | kalawan pra pugawane | angandika sang prabu | kayaparan kabèh sun tari | tur sêmbah Măndhalika | adhuh gustinisun | tan eca raosing driya | bokmênawi guna-gunaning Kumpêni | akarya mindha-mindha ||
098.026 Pangran Natakusuma turnya ris | adhuh anggèr suwawi aseba | mohal yèn agawe-gawe | dening pasisir suyud | yèn dedea raka ta gusti | Măndhalika tur sêmbah | pan dede puniku | dening awarni Wêlănda | saking bisa-bisane tiyang Kumpêni | tan kêna linambanan ||
098.027 angandika Jêng Sri Narapati | Natakusuma sira sun duta [[f. 396v]] | anêlika sayêktine | lan Si Natabratèku | ya milua dadia kathi[1] | iku waspadèng marga | kalihnya wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata kang lumaris | budhal sawadyanira ||
098.028 kawarnaa dutanya Nrêpati | Kartasura Pangalasan prapta | lajêng tumamèng ngarsa ge | sang duta nêmbah matur | amba tuwan duta wus prapti | praja dalêm Mataram | ikang madêg ratu | rayi panduka narendra | kang jumênêng sunan nêgari Matawis | datan arsa aseba ||
098.029 andikane rayi panduka ji | kawula kinèn angruwunana | lagya pinikir wurine | kocapa kang lumaku | duta ing Kalagan kêkalih | Pangran Natakusuma | Dyan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | risêdhêngnya sang nata miyos tinangkil | andhèr kang wadyakosya ||
098.030 ikang mugèng ngarsa sri bupati | Radèn Dipati Anrangkusuma | pratiwa pasisir kabèh | pugawa anung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng Binarong Suranatèki | Makuyuda Bumija ||
098.031 Natayuda jajarnya aligih | kang sineba pinarak dhêdhampar | miwah Amral Hèlduwèlbèh | kabèh pra pêsiripun | winarêgan boga lan bukti | bêras bêrambang bawang | ayam lawan lêmbu | sang nata jêkar ngadhatyan | aparentah samya siyaga ngajurit | ing sagunging dipatya ||
452–453 dari 856

 


kanthi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.50, Pupuh 98.27.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.27.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.27.5). (kembali)