Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
98 dari 170
453–454 dari 856
4.523–4.532 dari 8.560
098.030 | ikang mugèng ngarsa sri bupati | Radèn Dipati Anrangkusuma | pratiwa pasisir kabèh | pugawa anung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng Binarong Suranatèki | Makuyuda Bumija || |
098.031 | Natayuda jajarnya aligih | kang sineba pinarak dhêdhampar | miwah Amral Hèlduwèlbèh | kabèh pra pêsiripun | winarêgan boga lan bukti | bêras bêrambang bawang | ayam lawan lêmbu | sang nata jêkar ngadhatyan | aparentah samya siyaga ngajurit | ing sagunging dipatya || |
098.032 | pan sadaya samya bubar mulih | kawarnaa wau ikang prapta | Pangran Natakusumane [[f. 397r]] | lan Natabrata rawuh | Nrangkusuman atur udani | wadya ing Nrangkusuman | matur gustinipun | yèn wontên utusan prapta | saking nagri Mataram ingkang wêwangi | Pangran Natakusuma || |
098.033 | Radèn Natabrata kang satugil | sigra Rahadèn Anrangkusuma | têdhak ing palatarane | wus ingaturan masuk | Pangran Natakusuma aglis | lan Radèn Natabrata | saksana acundhuk | lan Radèn Anrangkusuma | ing mandhapa gènira tata aligih | lingnya Natakusuma || |
098.034 | prapta kawula yayi tinuding | dening agèr Susunan Ngalaga | kinèn mariksa yêktine | jêng susunan kang rawuh | drêsing warti saking Matawis | yèn anakipun amral | kang jumênêng ratu | angaku ing tanah Jawa | mila agèr tan arsa cundhuk mariki | arsa amapag ing prang || |
098.035 | lamun èstu kang raka nrêpati | manira ge kinèn awangsula | agèr aseba marene | radèn patih gumuyu | yèn èstua ikang pawarti | ratu anaking amral | mohal awak isun | puruna ngabdi Wêlănda | yèn mêkatên kakang kawula tur uning | dhatêng sri naradipa || |
098.036 | nulya seba rahadèn apatih | sapraptanira ing dalêm pura | ngaturi uninga age | tinimbalan mring ngayun | prapta ngarsa nata tur bêkti | igih wontên kang duta | rayi jêng pukulun | Ngalaga kinèn mariksa | jêng panduka kawarti saking Matawis | yèn tênayaning amral || |
098.037 | mila rayi panduka tan prapti | nadyan mangke angutus sêntana | sampun sumêlang [[f. 397v]] galihe | gusti ikang pinutus | marêk ing jêng panduka aji | pun adhi Natabrata | lan paman pukulun | Pangeran Natakusuma | sri narendra mèsêm angandika aris | bênêr adhi dipatya || |
098.038 | wêwekane wong ngraksa nêgari | bokmanawi kêna kamandaka | adhimas kyèh wêwekane | lah poyanana gupuh | paman Natakusuma Patih | yya mulih mring Mataram | pêrnahna gonipun | Si Natabrata muliha | mring Mataram atura wikan ing adhi | aja sumêlang driya || |
098.039 | rahadèn patih nêmbah umijil | prapta wisma nulya dhinawuhan | Pangran Natakusuma ge | sandika aturipun | Natabrata wus winawêling | amit anulya bubar | mantuk mring Matarum | ing marga datan winarna | lampahira prapta nagri ing Matawis | sang nata sinewaka || |
453–454 dari 856