Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
98 dari 170
450–451 dari 856
4.496–4.505 dari 8.560
| 098.003 | duk kadhahar suguhirèng nguni | sri narendra angraos kajasad | nulya wuwuh timbalane | tarima têmên isun | benjang lamun nêmu basuki | mênang gènisun aprang | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | mêngkana dika nata || |
| 098.004 | mangkya Mêrtanaya myarsa warti | lamun sinuhun mênang ayuda | rawuh Sêmarang badhene | Ki Laweyan amêthuk | myang sutanya Martanayèki | kawarnaa sang nata | lampahira rawuh | sawadya nagri Sêmarang | masanggrahan Ki Kalaweyan sumiwi | lawan tênayanira || |
| 098.005 | wus tumamèng pasanggrahan aglis | risêdhêngnya sang nata sineba | kagyat mulat duk praptane | Mêrtanaya andhêku | maangrêpa lingnya sang aji | hèh sira Mêrtanaya | bagea sirèku | tur sêmbah Ki Mêrtanaya | sampun katur sêsuguhira sri-asri | nata ris angandika || |
| 098.006 | Kalaweyan anakira iki | isun pundhut ya Si Mêrtanaya | sun arsa amalês sihe | sun jujung kang lêluguh | aduwea nagri Sêmawis | anama adipatya | sun wèhi jêjuluk | Mas Răngga Yudanêgara | Kalaweyan sujud sumungkêm ing siti | lakung panuhunira || |
| 098.007 | kang pugawa sadaya ngastrèni | ing Mêrtanaya dadi bupatya | Yudanêgara wastane | apan sampun misuwur | kapatêdhan nagri Sêmawis [[f. 394v]] | mêngkana sang sri nata | sineba wadya gung | arêmbag pêrnahing kitha | sri narendra tan arsa kitha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah || |
| 098.008 | yèn suwawi ngadhaton ing Tikir | datan arsa wau sri narendra | pun Wirawidigda ture | yèn karsa jêng sang prabu | sêsukuning Ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri naradipa tan arsa | Ki Urawan umatur sarya wotsari | gusti ing Wanakarta || |
| 098.009 | apolatan papanipun igil | lan acêlak kadhatoning Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala syarginipun | eyang dalêm Pangeran Pêkik | ngandikan mring Mataram | kadalon ing Butuh | lajêng sare andêdagan | myarsa syara ujaring syara dumêling | hèh Pêkik wruhanira || |
| 098.010 | alas kuloning Pajang ta benjing | Wanakarta iku dadi kutha | anadening nrêpatine | kapêrnah wayahipun | yèn abêdhah kitha Matawis | nata kalakung tustha | myarsa aturipun | adipati ing Urawan | angandika sang nata marang pêpatih | hèh paman Nrangkusuma || |
| 098.011 | sira ikang lumakua dhingin | ababada Alas Wonakarta | reka-rekanên patute | bakal kadhaton isun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan kawarna lampahira | wau Radèn Anrangkusuma gya prapti | alas ing Wonakarta || |
| 098.012 | binabadan rineka nêgari | wus cinêngkal ngadêg kyèhing wisma | lagi pagêr bêthèk bae | kawarnaa sang prabu | budhal [[f. 395r]: bu...dhal] saking nagri Sêmangwis[1] | saha wadya pugawa | bupati gung-agung | ing marga datan winarna | sapraptane ing Wanakarta nrêpati | lajêngira ngadhatyan || |
450–451 dari 856
| 1 | Sêmawis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.49, Pupuh 98.12.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.12.5). Bandingkan: Samawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.14.5). (kembali) |