Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 170
451 dari 856
4.501–4.510 dari 8.560
098.008 yèn suwawi ngadhaton ing Tikir | datan arsa wau sri narendra | pun Wirawidigda ture | yèn karsa jêng sang prabu | sêsukuning Ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri naradipa tan arsa | Ki Urawan umatur sarya wotsari | gusti ing Wanakarta ||
098.009 apolatan papanipun igil | lan acêlak kadhatoning Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala syarginipun | eyang dalêm Pangeran Pêkik | ngandikan mring Mataram | kadalon ing Butuh | lajêng sare andêdagan | myarsa syara ujaring syara dumêling | hèh Pêkik wruhanira ||
098.010 alas kuloning Pajang ta benjing | Wanakarta iku dadi kutha | anadening nrêpatine | kapêrnah wayahipun | yèn abêdhah kitha Matawis | nata kalakung tustha | myarsa aturipun | adipati ing Urawan | angandika sang nata marang pêpatih | hèh paman Nrangkusuma ||
098.011 sira ikang lumakua dhingin | ababada Alas Wonakarta | reka-rekanên patute | bakal kadhaton isun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan kawarna lampahira | wau Radèn Anrangkusuma gya prapti | alas ing Wonakarta ||
098.012 binabadan rineka nêgari | wus cinêngkal ngadêg kyèhing wisma | lagi pagêr bêthèk bae | kawarnaa sang prabu | budhal [[f. 395r]: bu...dhal] saking nagri Sêmangwis[1] | saha wadya pugawa | bupati gung-agung | ing marga datan winarna | sapraptane ing Wanakarta nrêpati | lajêngira ngadhatyan ||
098.013 wus ingalih wastaning nagari | nama Kartasura Adiningrat | duk kala pangadhatone | Buda Pon dinanipun | Saban tanggal ping pitu nênggih | Alip ing taunira | ing sêngkalanipun | tri sirna rêtuning jagat |[2] duk dadine nêgari ing Kartawani | dèn padha èngêtêna ||
098.014 sri naradipa arsa nimbali | mring kang rayi Susunan Ngalaga | ikang ngadhaton Pêlèrèd | Pangalasan tinuduh | gya umangkat duta nrêpati | nahan ikang winarna | gantyaa winuwus | kang ngrêbat praja Mataram | Jêng Susunan Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyakosya ||
098.015 ikang mugèng tansah ngarsa aji | kang anama Arya Măndhalika | Natakusuma sisihe | jajar para tumênggung | dêmang răngga arya ngabèi | tăndha myang Kandhuruan | sadaya supênuh | Tumênggung Gajah Pramoda | miwah Răngga Tanpulas sira sumiwi | Ngabèi Tanpanaha ||
098.016 Dêmang Kêlêng lawan Jagapati | abdi dalêm Arya Tambakbaya | myang Arya Surajayane | Măndhalika umatur | saha sêmbah ing sang siniwi | gusti kawula myarsa | ing pawartinipun | rakanta madêg narendra | dening mêngsah pun Trunajaya kajodhi | dhatêng raka panduka ||
098.017 balanipun sabrang warni-warni | nanging wontên warti kang satêngah | Wêlandi amral wastane | kang mindha-mindha ngaku | andarbèni [[f. 395v]: a...ndarbèni] ing tanah Jawi | sang nata ris ngandika | apa yêktinèku | iya dudune kangêmas | Măndhalika umatur saha wotsari | dedenipun rakanta ||
451 dari 856

 


1 Sêmawis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.49, Pupuh 98.12.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.12.5). Bandingkan: Samawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.14.5). (kembali)
2 Tanggal: Buda (Rêbo) Pon pitu (7) Saban (Ruwah) Alip: tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.15.9); mantri sirna rasaning rat (AJ 1603) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.13.8). (kembali)