Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
99 dari 170
456–457 dari 856
4.559–4.568 dari 8.560
| 099.019 | anauri iya isun Mangkuyuda | yèn sira tan udani | wadana Bumija | Măndhalika sru mojar | hèh ragane sira iki | sêsêngkan anyar | bèbèt wong dhudhuk gasir || |
| 099.020 | isun eman pantèn wus sira mundura | Ki Mangkuyuda rutik[1] | mara gigit waja [[f. 401v]] | asru panumbakira | tumèmbêl baunya kêni | Ki Măndhalika | gumujêng sarya angling || |
| 099.021 | rare Kêdhu sira iki liwat pugal | tur sun walês ko mati | age lumayua | si amral kang majua | Makuyuda nolih wuri | wadyanya têlas | nulya ngingêr turanggi || |
| 099.022 | gya sinabêt turăngga nututi wadya | dyan ingêlud kang lari | ing wadya Kalagan | segung[2] wong Kartasura | kandhêg Tangkisan abaris | wadya Kalagan | kandhêg wetaning Taji || |
| 099.023 | Ki Tumênggung Makuyuda tur uninga | ing sang sri narapati | patikbra tur wikan | wadyèng Mataram prapta | samya sudira ing wèsthi | rayi paduka | anadhahi pribadi || |
| 099.024 | abdi dalêm sumawur samya sasaran | mulat kalakung wiwrin | tan măngga puliha | mulat ing ari tuwan | sang nata ngandika aris | baya adhimas | sêdya ngayoni kami || |
| 099.025 | kang sun têdha adhimas têka elinga | besuk têmpuhing jurit | kabèh wadyaniwang | yèn adhimas katingal | padha piyaka dèn aglis | aja na nglawan | praptaa ngarsa mami || |
| 099.026 | ana ngêndi mêngko barising Kalagan | sigra radèn apatih | matur apranata | wontên ing Parambanan | rayi paduka nrêpati | sawadyakosya | nêba gènipun baris || |
| 099.027 | ênêngêna kang lagya gunêm prakara | gantya kawarna malih | Prabu Ingalaga | ingaturan ing wadya | kondur dhatêng dalêm puri | ngamungna wadya | ikang baris ing ngriki || |
| 099.028 | angandika aris sang sri naranata | isun arsa udani | iya tikahing prang | sun arsa nglugas raga | angampingi maring yayi | Arya Panular | kang dadi wakil mami [[f. 402r]: ma...mi] || |
456–457 dari 856
| 1 | runtik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.55, Pupuh 99.20.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 2.19.2). (kembali) |
| 2 | sagung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.55, Pupuh 99.22.4). (kembali) |