Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
99 dari 170
456–457 dari 856
4.552–4.561 dari 8.560
099.012 sigra Arya Măndhalika tur uninga | dhatêng sri narapati | yèn wadya pangarsa | sampun campuh ing yuda [[f. 401r]] | angandika sri bupati | hèh yayi êmas | Arya Panular aglis ||
099.013 tindhihana yayi upacaraniwang | dadia wakil mami | sakèh têngran iwang | sira kang amangkua | sun amamor anèng ngarsi | arsa uninga | musuh ulahing jurit ||
099.014 Pangran Arya Panular datan lênggana | sigra mangsah ing jurit | gumêrgut lir yaksa | miwah ing kering kanan | tumanduk sarêng ngêbyuki | kadya ampuhan | syaraning bêdhil muni ||
099.015 gumarudug bêdhile wong Kartasura | wong Kalagan tan gisir | angayok kewala | gègèr wong Kartasura | giris malêdug angisis | samya sasaran | angumpul baris Taji ||
099.016 wong Kalagan anglud maring Parambanan | lajêng ngrampid mring Taji | nulya tinadhahan | Tumênggung Makuyuda | têtindhihira ngajurit | lan Natayuda | kang abaris ing Taji ||
099.017 sigra mangsah Natayuda Mangkuyuda | sawadyanira pulih | prapta wong Kalagan | prajuritira mangsah | lir banthèng atawan kanin | tandanging yuda | Arya Măndhalika glis ||
099.018 nulya ngamuk Mangkuyuda Natayuda | Arya Măndhalika glis | angêtab turăngga | mara asumbar-sumbar | hèh pantèn mundura aglis | sapa ranira | maksih anom bêk wani ||
099.019 anauri iya isun Mangkuyuda | yèn sira tan udani | wadana Bumija | Măndhalika sru mojar | hèh ragane sira iki | sêsêngkan anyar | bèbèt wong dhudhuk gasir ||
099.020 isun eman pantèn wus sira mundura | Ki Mangkuyuda rutik[1] | mara gigit waja [[f. 401v]] | asru panumbakira | tumèmbêl baunya kêni | Ki Măndhalika | gumujêng sarya angling ||
099.021 rare Kêdhu sira iki liwat pugal | tur sun walês ko mati | age lumayua | si amral kang majua | Makuyuda nolih wuri | wadyanya têlas | nulya ngingêr turanggi ||
456–457 dari 856

 


1 runtik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.55, Pupuh 99.20.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 2.19.2). (kembali)