Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 170
14–15 dari 856
136–145 dari 8.560
001.136 nulya ana ikang têngga kori | wong wadon tuwa ciklu wus mamar | tumibèng dhêngkul jagute[1] | wus budhêg gènnya lênyapu |[2] nulya takon Banjaransari | wali tan sinauran | jinawil ajumbul[3] | budhêge si nini waras | kamanisên satuhune widadari | arsa mibêr cinandhak ||
001.137 nini tuwa sambate drêwili | sira kapakakên iya iwang | Banjaransari ujare | aja kadukan isun | arsa takon mring sira nini | bulah sira anoma | ana [[f. 13r]] wadinipun | sabdane ratu atapa | tinurutan ing dewa ni tuwa nuli | nulya nom warnanira ||
001.138 angluwihi ayune rumiyin | luwih anome kala parawan | lakung suka tarimane | bêkti sumukêm[4] suku | apa isun walêsna gusti | Radèn Banjaransêkar | dhuh aja kagugu | tutungên[5] manira tanya | taman iki sapa ikang aduwèni[6] | ni rara tur pranata ||
001.139 nênggih kang darbe sang prabu èstri | pan punika guruning wanita | widadari satuhune | ratu-ratuning ayu | patang puluh kang widadari | sakyèh ikang parêkan | lan sine kadhatun | sèwu dhomas kênya raras | pan karyane kinèn samya têngga kori | myang karyaning wanodya ||
001.140 ratu ayu tuhu sêtya luwih | dahat datan arsa krama ika | ya sapa arane katong | rêtnaning rat murdèng rum | warnanira asalin-salin | sadinane ping sapta | tur lantip ing sêmu | ratu sêkti mahambara | nagrinira ing Galuh punika gusti | norana kang uninga ||
001.141 jalma mara sato mara mati | kang tumingal amasthi kasmaran | mila ngalingan sang rajèng | dèrèng măngsa kadulu | benjang prapta ikang darbèni | puniki kaliyatan | jangkane sang prabu | karane sira tuwa |[7] ulun dhingin kinasihan ing sang aji | kabêndon sinupatan [[f. 13v]: sinupa...tan] ||
001.142 yun[8] pinatèn katon bêncik[9] mami | ingapura kinèn têngga lawang | ing taman iki purwane | apa ikang gumuruh | apa ika sun amiyarsi | widadari punika | gusti sami adus | ing taman ika larangan | lakung akêr nora nana kang pratami | yèn dede niyakang[10] rat ||
001.143 balik tuwan kula nuhun angling | sapa sintên têdah lan pinăngka | ayun wruha darunane | purwa wêsana ulun | kita lawan dèrèng ningali | satriya kadya tuwan | lir Asmara nurun | dening ta wuryan kalintang | sapa sitên dhuh gusti sinambat ing sih | wiking pundi pinăngka ||
001.144 isun iki wong mêndhang kasilir | brăngta lit isun tumêkèng tuwa | dèrèng uning wêsanane | nglangut saparan kayun | babarana manira gusti | besuk manira jarwa | yèn panggih sang prabu | wis matura isun arsa | manjing taman arsa adus nginum warih | anuhun sarêng kentar ||
001.145 kawarnaa Dyan Banjaransari | manjing taman mandhêg sêsêkaran | amêthik kusuma ngage | gandanya marbuk arum | warna-warna kang punang sari | sêkar dangune nglirang | ngayangan dinulu | marbuk jaga[11] lèk asana[12] | bêbanjaran punang sêkar amêpêki | adawa yèn winarna ||
14–15 dari 856

 


janggute (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.15, Pupuh 1.136.3). Bandingkan: janggut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.25.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus budhêg anyênyapu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.25.4). (kembali)
anjumbul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.15, Pupuh 1.136.7). (kembali)
sumungkêm (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.15, Pupuh 1.138.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.27.4). (kembali)
tulungên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.27.8). Bandingkan: tuntungên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.15, Pupuh 1.138.8). (kembali)
anduwèni (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.127.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: pa karane sira tuwa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.30.8). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: yun atau yèn. (kembali)
bêcik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.31.1). (kembali)
10 nayakèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.31.10). (kembali)
11 jăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.34.8). (kembali)
12 angsana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.16, Pupuh 1.145.8). Bandingkan: kang sana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.34.8). (kembali)