Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 170
16–17 dari 856
156–165 dari 8.560
| 001.156 | angkuhe kaya [[f. 15r]: ka...ya] kang mutêr bumi | yogyaning dewa panggih lan iwang | yèn ta dudu dudu wonge | măngsa kongsia têmu | ya warahên isun aturi | lan isun pirabara | yèn bêdhah kuthèngsun | aja lan danêrdapêksa[1] | upamane lir mina anèng ing warih | aja buthêk kang toya || |
| 001.157 | dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kabatang sadaya | yèn wruha purwasanane | yèn manjing kuthanisun | kunci mênga isun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun | jlêga ikang tanpa sangkan | ngambah lawang kutha isun nora apti | ya dudu trah ngatapa || |
| 001.158 | yèn kalakon sapamundhut mami | pasthi isun ngawula mawongan | yaiku ratu ing kene | isun darma atugu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya | masthi iku lêbur | lan isun panggih ing bejang[2] | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | raina larang pangan || |
| 001.159 | yèn tan wruha isun tanpa yun panggih |[3] wis mêtua egal aturana | dèn kalakon jar ngong kabèh | sakèhe kang atugu | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | nini rara atur sêmbah sampun mijil | gula kintar[4] ginatyan[5] || |
| 2. Mijil | |
| [Radèn Banjaransari krama.[6]] | |
| 002.001 | sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra [[f. 15v]] lampahe | Banjaransari panggih aligih[7] | angora[8] lêlungid | dènnya nganti dangu || |
| 002.002 | sang gupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | kinèn ngati-ati | margane pakewuh || |
| 002.003 | lamun sisip nora mondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tapa sida tapa mangke | puniku yèn lêrês ingkang margi | sang aprabu èstri | pan darma atugu || |
| 002.004 | iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wiking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun || |
| 002.005 | kagyat lêlêng[9] rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | emane puniki | norana wongipun || |
| 002.006 | iki patut dadia nêgari | norana winaon | iki nêgari angênggoni bae |[10] Banjaransari ngadêg têpi ing kori |[11] ing samadyanèki | kang waringin kurung || |
16–17 dari 856
| 1 | dèn rodapaksa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.45.8). Bandingkan: dan êrda pêksa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.156.8). (kembali) |
| 2 | benjang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.8; Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.158.8). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.1). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: kentar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.159.10; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.10). (kembali) |
| 5 | ginantyan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.159.10). Bandingkan: ginantya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.10). (kembali) |
| 6 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18. (kembali) |
| 7 | alinggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.1.4). (kembali) |
| 8 | angura (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.1.5; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.1.5). (kembali) |
| 9 | lênglêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.5.1; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.5.1). (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: iya kari angênggoni bae (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.3). (kembali) |
| 11 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Banjaransari ngadêg têpining (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.4). (kembali) |