Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 170
16–17 dari 856
158–167 dari 8.560
| 001.158 | yèn kalakon sapamundhut mami | pasthi isun ngawula mawongan | yaiku ratu ing kene | isun darma atugu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya | masthi iku lêbur | lan isun panggih ing bejang[1] | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | raina larang pangan || |
| 001.159 | yèn tan wruha isun tanpa yun panggih |[2] wis mêtua egal aturana | dèn kalakon jar ngong kabèh | sakèhe kang atugu | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | nini rara atur sêmbah sampun mijil | gula kintar[3] ginatyan[4] || |
| 2. Mijil | |
| [Radèn Banjaransari krama.[5]] | |
| 002.001 | sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra [[f. 15v]] lampahe | Banjaransari panggih aligih[6] | angora[7] lêlungid | dènnya nganti dangu || |
| 002.002 | sang gupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | kinèn ngati-ati | margane pakewuh || |
| 002.003 | lamun sisip nora mondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tapa sida tapa mangke | puniku yèn lêrês ingkang margi | sang aprabu èstri | pan darma atugu || |
| 002.004 | iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wiking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun || |
| 002.005 | kagyat lêlêng[8] rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | emane puniki | norana wongipun || |
| 002.006 | iki patut dadia nêgari | norana winaon | iki nêgari angênggoni bae |[9] Banjaransari ngadêg têpi ing kori |[10] ing samadyanèki | kang waringin kurung || |
| 002.007 | nini rara matur lah suwawi | manjinga kadhaton | Banjaransari nêdhèng dewane | angumpulakên dados satugil | babara angalih | sidhakêp sidhêku || |
| 002.008 | Sa Yyang Pramana eling ing nguni | nora nana katon | wus matèni ing driyane kabèh | anawa sanga dipun pêpêti | norana kaèksi | tan dulu tan ngrungu || |
16–17 dari 856
| 1 | benjang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.47.8; Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.158.8). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.1). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: kentar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.159.10; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.10). (kembali) |
| 4 | ginantyan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.17, Pupuh 1.159.10). Bandingkan: ginantya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 1.48.10). (kembali) |
| 5 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18. (kembali) |
| 6 | alinggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.1.4). (kembali) |
| 7 | angura (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.1.5; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.1.5). (kembali) |
| 8 | lênglêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.18, Pupuh 2.5.1; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.5.1). (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: iya kari angênggoni bae (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.3). (kembali) |
| 10 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Banjaransari ngadêg têpining (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.6.4). (kembali) |