Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
63–64 dari 856
623–632 dari 8.560
| 010.034 | Radèn Patah lalos saking puri | kang tinurut urung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawani[1] lyan | nirdeya tan ketung | upama lir wonatara | liring-iring[2] jurang ajro dèn lêbêti | tiba nêmpuh ing parang || |
| 010.035 | mèh raina sêmu bang angrawit | rikan angsa ing wana padhang syang | sata wana myang janggigèr | mêrak padha anguwuh | yèn jalmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | asrang paksi ngênu | myang paksi satya wêcana | yèn jalmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna || |
| 010.036 | pan sadalu radèn tan aguling | yakti lêsah yoga arèrèna | jahnamaning[3] talagane | kadya ladit[4] puniku | kêmbang tamas wul nuta pami |[5] manglung sêdhêng purnama | kusuma suwitang wur |[6] tulèp pandhal lumrah iya |[7] sari iki lir jalma digja[8] awangi | kongas marang rahadyan || |
| 010.037 | sakèh tal magêng ana ring têpi | ing talaga pan nêdhêng wohira | kyèhnya rutuh[9] lir balange | liman alasan agung | ing taruni magdusning[10] jahni | punika kang dèn balang | yèn jalmaa muwus | rahadyan mênawi raryyan | ing talaga masduning [[f. 55v]: ma...sduning] jah mahêning |[11] tan[12] magêng yèn jalmaa || |
| 010.038 | Radèn Patah rêmên aningali | ing talaga nulya sira raryyan | aligih anèng têpine | kabèh anêdha sampun | wohan alas tinon pan asri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya runtuh agêlar kêmbangnya wangi | anjrah anèng buntala || |
| 010.039 | wohnya siji catur dasa warni | kadya ing tyas lir sa dyah kasmaran | rasaning wohnya manise | yèn jalmaa sêsuguh | mring rahadyan dhahara aglis | pangucape mangkana | aglis awoh isun | pangucape kêmbang tugal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah || |
| 010.040 | kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun nyasya[13] | mapan mandah ing angine | kapya sira anêmpuh | panging adoh soka lir ing ngigil |[14] pan dèn ulah pan juga | pan masah[15] manusuh[16] | pan jroning ni bramaranya | pan kayakan wanodya punika angling | marêp maring rahadyan || |
| 010.041 | kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbak myang wraksa cêndhana | masayi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari capaka[17] | lawan pacar dadu | adong[18] bang lan kanigara | myang argulo gambir kalawan malathi | endah sêkar sridênta || |
| 010.042 | pratalanya lir salaka putih | karikilnya lir manik panminya[19] | căndra katon [[f. 56r]: kato...n] myang manike | suryakăntha bra murub | mirah nila pakaja êning | itên[20] myang nawa sanga | ujalanya murub | ing wêngi mulya raina | sa yyang surya ujala manik ta uni | merang maring ujala || |
| 010.043 | purwa ri agêng kayu kapuring | kulitira tumitis gêtihnya | aputih ika warnane | ing surya katon dhawuh | gêtihira amaratani | ya ta ing idunya pa- | ma kumukus marbuk | mingi gandane akongas | yèn jalmaa kadya manuk sunga isi | gănda ngaubi radyan ||[21] |
63–64 dari 856
| 1 | bawaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.34.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.6). (kembali) |
| 2 | iring-iring (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.9). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: jahning mahning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.3). (kembali) |
| 4 | langit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.4). (kembali) |
| 5 | Bandingkan: kambang tangwas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.5); kambang tangpas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.5). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kusuma sumawur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.7). (kembali) |
| 7 | Bandingkan: lintang tulya padha lumrang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.8). (kembali) |
| 8 | digbya. (kembali) |
| 9 | runtuh (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.3). (kembali) |
| 10 | Bandingkan: madyusing (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.5). (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata Bandingkan: ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.9). (kembali) |
| 12 | tal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.10). (kembali) |
| 13 | asya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.40.2). Bandingkan: ahyas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.2). (kembali) |
| 14 | Lebih satu suku kata Bandingkan: panging adoh soka lwir nginggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.5). (kembali) |
| 15 | mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 16 | manungsuh. (kembali) |
| 17 | Bandingkan: campaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.41.6); cêpaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.6). (kembali) |
| 18 | andong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.8). (kembali) |
| 19 | paminya. Bandingkan: pathika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.2). (kembali) |
| 20 | intên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.42.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.6). (kembali) |
| 21 | Bandingkan: purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gănda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gănda manub ing radyan || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.87.1–10). (kembali) |