Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 170
63–64 dari 856
627–636 dari 8.560
010.038 Radèn Patah rêmên aningali | ing talaga nulya sira raryyan | aligih anèng têpine | kabèh anêdha sampun | wohan alas tinon pan asri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya runtuh agêlar kêmbangnya wangi | anjrah anèng buntala ||
010.039 wohnya siji catur dasa warni | kadya ing tyas lir sa dyah kasmaran | rasaning wohnya manise | yèn jalmaa sêsuguh | mring rahadyan dhahara aglis | pangucape mangkana | aglis awoh isun | pangucape kêmbang tugal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah ||
010.040 kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun nyasya[1] | mapan mandah ing angine | kapya sira anêmpuh | panging adoh soka lir ing ngigil |[2] pan dèn ulah pan juga | pan masah[3] manusuh[4] | pan jroning ni bramaranya | pan kayakan wanodya punika angling | marêp maring rahadyan ||
010.041 kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbak myang wraksa cêndhana | masayi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari capaka[5] | lawan pacar dadu | adong[6] bang lan kanigara | myang argulo gambir kalawan malathi | endah sêkar sridênta ||
010.042 pratalanya lir salaka putih | karikilnya lir manik panminya[7] | căndra katon [[f. 56r]: kato...n] myang manike | suryakăntha bra murub | mirah nila pakaja êning | itên[8] myang nawa sanga | ujalanya murub | ing wêngi mulya raina | sa yyang surya ujala manik ta uni | merang maring ujala ||
010.043 purwa ri agêng kayu kapuring | kulitira tumitis gêtihnya | aputih ika warnane | ing surya katon dhawuh | gêtihira amaratani | ya ta ing idunya pa- | ma kumukus marbuk | mingi gandane akongas | yèn jalmaa kadya manuk sunga isi | gănda ngaubi radyan ||[9]
010.044 Radèn Patah glis sang maha yêkti | ciptanira lir wraksa cêndhana | dinina dinadar dumèh |[10] pamasulya[11] mrik arum | dening budi wahya wiyati | kesisan roning imba | nirdeya tan ketung | sanetya sêtya susêtya | tilar sakèh gêlah-gêlah tata sukti | brat tyas pasthika maya ||
010.045 sakathahe buron alas sami | pan makana ta samya lumalya | amirsa maring rahadèn | ing wanatara rawuh | yèn jalmaa padha sira ngling | padha satya ing alas | ngatingal ing ulun | amba angraksa rahadyan | padha rawuh yèn wonga amagêrsari | ngubêngi Radèn Patah ||
010.046 liman alas sèkêt kathahnèki | mapan kayya narka rêbat karya | apanjang-panjang gadhinge | dening prasamya lancut | apan sêdhêng pinangsah mangkin | ya ta wau tumingal [[f. 56v]: tu...mingal] | yèn jalmaa muwus | dening tan age lumayya | ewuh aya mênawa kêna ing gadhing | sami liman lumayya ||
010.047 prapta liman mêndhêk angadhangi | yèn jalmaa matur mring rahadyan | nulya tumanduk karsane | nuganga[12] gigir isun | lawan singa gajah ngadhangi | lah gusti angancika | marang gigir isun | samya mojar yèn jalmaa | lah suwawi kawula madhêp ing gusti | ing karsane rahadyan ||
63–64 dari 856

 


1 asya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.40.2). Bandingkan: ahyas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.2). (kembali)
2 Lebih satu suku kata Bandingkan: panging adoh soka lwir nginggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.5). (kembali)
3 mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
4 manungsuh. (kembali)
5 Bandingkan: campaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.41.6); cêpaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.6). (kembali)
6 andong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.8). (kembali)
7 paminya. Bandingkan: pathika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.2). (kembali)
8 intên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.42.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.6). (kembali)
9 Bandingkan: purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gănda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gănda manub ing radyan || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.87.1–10). (kembali)
10 Bandingkan: dinina-dina dardumèh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.44.3). (kembali)
11 pamangsulnya. Bandingkan: pamangsule (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.88.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.88.4). (kembali)
12 nungganga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.47.4). (kembali)