Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
62–63 dari 856
619–628 dari 8.560
| 010.030 | Radèn Patah matur ing rama ji | isun iki lênggana ing karsa | andika dadèkna age | yèn gumantia ratu | dene isun taksih nom iki | dèrèng wruh ing wêweka | wadyanira agung | suka guyu kyèhing wadya | lamun isun gumênti dadi nrêpati | merang jênênging nata || |
| 010.031 | wong jumênêng ratu dibya luwih | yèn wikan ing ciptanirèng wadya | bala tan wruh sasmitane | marang jênênging ratu | iya iku ratu linuwih | yèn ratu tan mêngkana | nistha jênêngipun | pan yakti wadya sadaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | Cina nêgara karta || |
| 010.032 | sira iki pan durung wruh wangsit | ing nêgara yakti dadi nistha | paguyon wong akèh-akèh | dening wang mudha pugung[1] | yakti awèh surêm nagari | adil pan dèrèng wikan | dadi ara-uru | sagunging wadya sadaya | pan wus wikan mudhanira sang bupati | ngago sakarsanira || |
| 010.033 | Arya Damar mênêng tan malèni | ing wicaranira Radèn Patah | ya bênêr iku [[f. 55r]] tarkane | myang pramèsyarinipun | putri Cina tan kêna angling | mirsa ikang wêcana | sira ikang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan || |
| 010.034 | Radèn Patah lalos saking puri | kang tinurut urung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawani[2] lyan | nirdeya tan ketung | upama lir wonatara | liring-iring[3] jurang ajro dèn lêbêti | tiba nêmpuh ing parang || |
| 010.035 | mèh raina sêmu bang angrawit | rikan angsa ing wana padhang syang | sata wana myang janggigèr | mêrak padha anguwuh | yèn jalmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | asrang paksi ngênu | myang paksi satya wêcana | yèn jalmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna || |
| 010.036 | pan sadalu radèn tan aguling | yakti lêsah yoga arèrèna | jahnamaning[4] talagane | kadya ladit[5] puniku | kêmbang tamas wul nuta pami |[6] manglung sêdhêng purnama | kusuma suwitang wur |[7] tulèp pandhal lumrah iya |[8] sari iki lir jalma digja[9] awangi | kongas marang rahadyan || |
| 010.037 | sakèh tal magêng ana ring têpi | ing talaga pan nêdhêng wohira | kyèhnya rutuh[10] lir balange | liman alasan agung | ing taruni magdusning[11] jahni | punika kang dèn balang | yèn jalmaa muwus | rahadyan mênawi raryyan | ing talaga masduning [[f. 55v]: ma...sduning] jah mahêning |[12] tan[13] magêng yèn jalmaa || |
| 010.038 | Radèn Patah rêmên aningali | ing talaga nulya sira raryyan | aligih anèng têpine | kabèh anêdha sampun | wohan alas tinon pan asri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya runtuh agêlar kêmbangnya wangi | anjrah anèng buntala || |
| 010.039 | wohnya siji catur dasa warni | kadya ing tyas lir sa dyah kasmaran | rasaning wohnya manise | yèn jalmaa sêsuguh | mring rahadyan dhahara aglis | pangucape mangkana | aglis awoh isun | pangucape kêmbang tugal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah || |
62–63 dari 856
| 1 | punggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.32.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.73.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.73.4). (kembali) |
| 2 | bawaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.34.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.6). (kembali) |
| 3 | iring-iring (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.9). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: jahning mahning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.3). (kembali) |
| 5 | langit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.4). (kembali) |
| 6 | Bandingkan: kambang tangwas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.5); kambang tangpas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.5). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kusuma sumawur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.7). (kembali) |
| 8 | Bandingkan: lintang tulya padha lumrang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.8). (kembali) |
| 9 | digbya. (kembali) |
| 10 | runtuh (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.3). (kembali) |
| 11 | Bandingkan: madyusing (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.5). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata Bandingkan: ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.9). (kembali) |
| 13 | tal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.10). (kembali) |