Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 170
63 dari 856
621–630 dari 8.560
010.032 sira iki pan durung wruh wangsit | ing nêgara yakti dadi nistha | paguyon wong akèh-akèh | dening wang mudha pugung[1] | yakti awèh surêm nagari | adil pan dèrèng wikan | dadi ara-uru | sagunging wadya sadaya | pan wus wikan mudhanira sang bupati | ngago sakarsanira ||
010.033 Arya Damar mênêng tan malèni | ing wicaranira Radèn Patah | ya bênêr iku [[f. 55r]] tarkane | myang pramèsyarinipun | putri Cina tan kêna angling | mirsa ikang wêcana | sira ikang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan ||
010.034 Radèn Patah lalos saking puri | kang tinurut urung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawani[2] lyan | nirdeya tan ketung | upama lir wonatara | liring-iring[3] jurang ajro dèn lêbêti | tiba nêmpuh ing parang ||
010.035 mèh raina sêmu bang angrawit | rikan angsa ing wana padhang syang | sata wana myang janggigèr | mêrak padha anguwuh | yèn jalmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | asrang paksi ngênu | myang paksi satya wêcana | yèn jalmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna ||
010.036 pan sadalu radèn tan aguling | yakti lêsah yoga arèrèna | jahnamaning[4] talagane | kadya ladit[5] puniku | kêmbang tamas wul nuta pami |[6] manglung sêdhêng purnama | kusuma suwitang wur |[7] tulèp pandhal lumrah iya |[8] sari iki lir jalma digja[9] awangi | kongas marang rahadyan ||
010.037 sakèh tal magêng ana ring têpi | ing talaga pan nêdhêng wohira | kyèhnya rutuh[10] lir balange | liman alasan agung | ing taruni magdusning[11] jahni | punika kang dèn balang | yèn jalmaa muwus | rahadyan mênawi raryyan | ing talaga masduning [[f. 55v]: ma...sduning] jah mahêning |[12] tan[13] magêng yèn jalmaa ||
010.038 Radèn Patah rêmên aningali | ing talaga nulya sira raryyan | aligih anèng têpine | kabèh anêdha sampun | wohan alas tinon pan asri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya runtuh agêlar kêmbangnya wangi | anjrah anèng buntala ||
010.039 wohnya siji catur dasa warni | kadya ing tyas lir sa dyah kasmaran | rasaning wohnya manise | yèn jalmaa sêsuguh | mring rahadyan dhahara aglis | pangucape mangkana | aglis awoh isun | pangucape kêmbang tugal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah ||
010.040 kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun nyasya[14] | mapan mandah ing angine | kapya sira anêmpuh | panging adoh soka lir ing ngigil |[15] pan dèn ulah pan juga | pan masah[16] manusuh[17] | pan jroning ni bramaranya | pan kayakan wanodya punika angling | marêp maring rahadyan ||
010.041 kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbak myang wraksa cêndhana | masayi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari capaka[18] | lawan pacar dadu | adong[19] bang lan kanigara | myang argulo gambir kalawan malathi | endah sêkar sridênta ||
63 dari 856

 


1 punggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.32.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.73.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.73.4). (kembali)
2 bawaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.34.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.6). (kembali)
3 iring-iring (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.9). (kembali)
4 Bandingkan: jahning mahning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.3). (kembali)
5 langit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.4). (kembali)
6 Bandingkan: kambang tangwas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.5); kambang tangpas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.5). (kembali)
7 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kusuma sumawur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.7). (kembali)
8 Bandingkan: lintang tulya padha lumrang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.8). (kembali)
9 digbya. (kembali)
10 runtuh (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.3). (kembali)
11 Bandingkan: madyusing (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.5). (kembali)
12 Kurang satu suku kata Bandingkan: ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.9). (kembali)
13 tal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.10). (kembali)
14 asya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.40.2). Bandingkan: ahyas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.2). (kembali)
15 Lebih satu suku kata Bandingkan: panging adoh soka lwir nginggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.5). (kembali)
16 mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
17 manungsuh. (kembali)
18 Bandingkan: campaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.41.6); cêpaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.6). (kembali)
19 andong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.8). (kembali)