Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
64–65 dari 856
634–643 dari 8.560
| 010.045 | sakathahe buron alas sami | pan makana ta samya lumalya | amirsa maring rahadèn | ing wanatara rawuh | yèn jalmaa padha sira ngling | padha satya ing alas | ngatingal ing ulun | amba angraksa rahadyan | padha rawuh yèn wonga amagêrsari | ngubêngi Radèn Patah || |
| 010.046 | liman alas sèkêt kathahnèki | mapan kayya narka rêbat karya | apanjang-panjang gadhinge | dening prasamya lancut | apan sêdhêng pinangsah mangkin | ya ta wau tumingal [[f. 56v]: tu...mingal] | yèn jalmaa muwus | dening tan age lumayya | ewuh aya mênawa kêna ing gadhing | sami liman lumayya || |
| 010.047 | prapta liman mêndhêk angadhangi | yèn jalmaa matur mring rahadyan | nulya tumanduk karsane | nuganga[1] gigir isun | lawan singa gajah ngadhangi | lah gusti angancika | marang gigir isun | samya mojar yèn jalmaa | lah suwawi kawula madhêp ing gusti | ing karsane rahadyan || |
| 010.048 | Radèn Patah umadhêp ing atih[2] | aningali wana kyèh kang syara | miwah wraksanira kabèh | siptanira atrêbu | apan dadya subrăngta ngati | nanging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampanan paman panah | patranira ya endah upama taji | amanah jajaniwang || |
| 010.049 | Radyan Patah tihikaning Widi | yèn alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanirèng langut | nulya matur maring Yyang Widi | lah bathara kang mulya | tingalana tèngsun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênge kawula gusti | tan kenging pisahêna || |
| 010.050 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Sang Raja Palembang | Sang Arya Damar namane | tata ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tugu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa anjrit lir èstri | tarkanira [[f. 57r]] wus wikan || |
| 010.051 | Radèn Usèn lumalyya kapati | andhingini kèhing wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ningali | mirsa wong palareyan | tangise gumuruh | sarêng opyak wong jro pura | samya matur dhatêng Arya Damar aglis | putra paduka sirna || |
| 010.052 | Arya Damar lawan pramèsyari | nulya gupuh ngulari kang putra | dèn gêmêti kadhatone | nyata yèn sirna iku | angulati polahing rèki | dening mangke wus sirna | saking dalêmipun | miwah sajawining kutha | datan watên sampun ingularan ênting | lêpas lampahe radyan || |
| 010.053 | Arya Damar mijil saking puri | saha bala miwah garwanira | anitih èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | jawi kitha pan têpis wiring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sandina[3] | angulati putra karo tan kapanggih | jumênêng Arya Damar || |
| 010.054 | Arya Damar maring ikang rayi | hèh sang putri ing Cina riniwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widi | tan kêni rekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan putra | pirangbara yèn sira sinung kapanggih | ing benjang dina Soma || |
64–65 dari 856
| 1 | nungganga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.47.4). (kembali) |
| 2 | ati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.92.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.92.1). (kembali) |
| 3 | sadina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.97.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.97.8). (kembali) |